Waosan: Yehezkiel 34 : 17 – 23 | Pamuji: KPJ. 158 : 1, 2
Nats: “Mulane Ingsun bakal nulungi wedhus-wedhusingSun, supaya aja nganti dadi memangsan maneh, tuwin Ingsun bakal dadi hakim ana ing antarane wedhus-wedhus.” (Ayat 22)
Menawi wonten lare nembe saras saking sakit lajeng nedha punapa kemawon lan kathah sanget punika saged dipun wastani “kemaruk”. Menawi wonten tiyang nembe angsal berkah ingkang kathah (sugih anyaran) lajeng numbasi punapa kemawon punika ugi naminipun “kemaruk”. Menawi wonten tiyang ingkang sampun angsal kathah berkah sae kalenggahan utawi bandha donya nanging taksih kemawon kepingin ngrayah berkahipun liyan niku naminipun nggih “kemaruk”. Tiyang ingkang “kemaruk” boten nate puas, piyambakipun namung nengenaken dhirinipun piyambak, boten peduli menawi tumindhakipun njalari tiyang sanes nampi kasisahan.
Sikep “kemaruk” punika ugi ingkang dipun ketingalaken para pamimpin lan sawetawis tiyang Israel ingkang sugih. Boten peduli kaliyan kawontenan para sadherek sabangsa ingkang nandhang sisah. Tiyang punika wau kagambaraken kados mendha jaler ingkang gembel lan sanes gembel ingkang remen nedha suket lan ngombe toya mendha sanesipun, kamangka sampun nedha suket ing ara-ara ingkang becik lan ngombe toya ingkang bening (Ay. 18). Mila Gusti Allah ingkang kagungan mendha-mendha kalawau badhe dados hakim kangge mendha lemo lan kuru. Dados hakim kangge tiyang Israel ingkang kemaruk, ingkang namung pados karemenanipun piyambak lan nyusahaken sadherekipun ingkang prihatos gesangipun (Ay. 20-21). Gusti Allah piyambak ingkang badhe paring pitulungan dhateng para umat kagunganipun ingkang nandhang sisah kanthi ngangkat sawijining pangon, inggih punika Sang Prabu Dawud. Punika sejatosipun pameca bab rawuhipun Sang Mesih saking trah Prabu Dawud, awit ing jaman Yehezkiel Sang Prabu Dawud sampun seda. Sang Mesih ingkang badhe bekta mendha kagunganipun wonten ing kawontenan ingkang kebak katentreman lan karaharjan.
Ing jaman samangke, kathah tiyang ingkang namung nengenaken dhirinipun, korupsi wonten ing pundi-pundi, ingkang sugih langkung sugih, ingkang mlarat langkung mlarat. Gusti Allah piyambak ingkang badhe ngadili sadaya tiyang. Lan Gusti ugi boten badhe negakaken gesang para umat kagunganipun, sinaosa wonten ing gesang samangke asring nampi kawontenan ingkang boten adil, mrihatosaken, lan sisah. Gusti Yesus minangka Sang Mesih tansah nganthi lan nuntun gesang kita ing kawontenan ingkang kebak katentreman lan karaharjan. Amin. [M@ul].
“Akeh durung mesti cukup, sitik durung mesti kurang.
Aja mburu seneng nanging mburua ayem”