Ngorong Pancaran Air Hidup 25 April 2023

25 April 2023

Waosan: 1 Petrus 2 : 1 – 3 | Pamuji : KPJ. 193
Nats:Dikaya bayi kang nembe lair, kang tansah kapengin marang banyu susu kang murni kang asipat rohani, supaya marga saka iku padha lestaria tuwuhmu ing bab karahayon.” (Ayat 2)

“Pak, dadi pandhereke Gusti iku penak banget ya?”

“Lha penake opo ta le?”

“Nampa tandha baptis otomatis nampa kawilujengan sejati!”

“Wah, ya ora kaya mangkono le… babtis iku minangka tandha supaya uripe awake dhewe iki tan saya ngener marang Gusti Yesus, nuladha apa kang dadi piwucale, kersa mbirat sakathahing piala, cidra, lamis, drengki, lan sapanunggalane. Cekake tembung, pandhereke Gusti ora mung meneng, luwih-luwih ning tengah kahanan urip kang akeh panggodha lan momotan kaya ngene iki le. Lan siji maneh le, awake dhewe iki ora urip dhewe, kudune siji lan sijine isa sangkul-sinangkul temah awake dhewe tan saya tatag ngadhepi urip …”

1 Petrus 2:1-3 paring pangatag wigati bilih para pandherekipun Gusti dipun utus ngupaya mujudaken pigesangan ingkang tuwuh-ngrembaka ing bab rohani ing satengahing momotan ingkang dipun lampahi, mboten namung cekap dados Kristen. Prelu kawuningan bilih gesangipun para pandherekipun Gusti ing wekdal punika nampi panganiaya, babagan punika asring ndadosaken pandherekipun Gusti semplah lan nilar Gusti. Pramila rasul Petrus paring kakiyatan:

  1. Santosaning Patunggilan – Rasul Petrus pirsa bilih kahanan ingkang awrat punika mboten saged dipun lampahi piyambakan, saestu mbetahaken pambiyantu kakiyatan saking liyan! Ananging lumampah sesarengan punika ugi mboten gampil, awit kahanan satunggal lan satunggalipun punika benten, asring tuwuh cidra, lamis, drengki, lsp. Pramila rasul Petrus paring pangatag supados ing satengahing gesang saestu mbirat babagan punika.
  2. Ngorong marang Gusti – Rasul Petrus paring gegambaran kados dene bayi kang nembe lair. Kang ateges bayi punika mboten saged nampi tedhan, kejawi namung susu ingkang murni. Para pandherekipun Gusti ugi kasuwun nindakaken ingkang mekaten. Ngorong dhumateng Gusti ingkang saestu dados sumbering kakiyatan ingkang nuwuhaken karahayon, awit mboten wonten babagan sanes ingkang dados gondhelaning gesang. Amin. [gus].

“Nyawaku ngorong marang Allah, kang dados etuking gesang”

 

Renungan Harian

Renungan Harian Anak