Waosan: Yunus 2 : 1 – 10 ǀ Pamuji: KPJ. 124 : 1, 2
Nats: “… kawula kakancingan ing slaraking bumi ing salaminipun; ing nalika Paduka lajeng ngentas nyawa kawula saking luwenging pejah, dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula.” (Ayat 6)
Nggendhong, kasunyatanipun sanes prekawis ingkang gampil dipun tindakaken. Boten namung karana jenis perangan ingkang badhe dipun gendhong, ananging ugi karana “sipat”ipun perangan ingkang badhe dipun gendhong. Contonipun, kawula nggadhah putra alit ingkang bobotipun 12,5 kilo. Menawi dipun tingali, kedahipun nggendhong lare punika sanes prekawis ingkang awrat, awit bobotipun kalebet taksih enteng. Pemanggih punika panci leres, ananging kanthi catetan menawi larenipun manut dipun gendhong. Kosok wangsulipun, menawi larenipun boten purun dipun gendhong (nglawan) awit taksih dolanan, nggendong lare alit ingkang bobotipun 12,5 kilo punika dados prekawis ingkang awrat sanget. Wosipun, nggendhong punika dados prekawis ingkang gampil punapa awrat, gumantung saking “sipat”ipun perangan ingkang badhe dipun gendhong.
Yunus 2:1-10 mratelakaken cariyos nalika Yunus saweg wonten ing sajroning wetenge iwak. Ing ngriku, Yunus atur pandonga ingkang wosipun, nalika piyambakipun saweg nglampahi kasisahan, piyambakipun namung saged sesambat dhumateng Gusti Allah lan pitados bilih tuking pitulunganipun namung saking Gusti Allah, boten wonten sanesipun. Kanthi mekaten, Yunus masrahaken sawetah gesangipun ing panguwaosipun Gusti Allah. Ing tembung sanes, Yunus “manut” kaliyan sadaya pakaryanipun Gusti Allah ing gesangipun. Dados, sinaosa Yunus rumaos sampun kakancingan ing slaraking bumi ing salaminipun, Yunus saged kaentas dening Gusti Allah, awit piyambakipun “manut” nalika Gusti Allah nggendong piyambakipun, ngangkat piyambakipun lan ngentas piyambakipun saking juranging pati tumuju ing kawilujengan.
Sipat manut ingkang dipun gadhahi dening Yunus, sejatosipun ugi kedhah dados sipat kita sami minangka umat kagunganipun Gusti. Manut kaliyan sadaya rancanganipun Gusti ing salebeting gesang kita. Mekaten ugi, kita manut dhumateng Gusti nalika kita saweg dawah ing panggodha. Awit kita pitados Gusti Allah badhe nggendhong kita, nggangkat kita, lan ngentasaken kita saking pamengkuning dosa. Gusti Yesus Kristus ingkang sampun wungu lan kita pengeti ing mangsa Paskah punika saestu dados tuking kawilujengan kita ingkang sejati. Amin. [7us].
“Aja rewel, manut bae marang karsaning Allah, murih bakal nampi kawilujengan”