Waosan: Yesaya 52 : 13 – 53 : 12 ǀ Pamuji: KPJ. 146
Nats: “… Panjenengane wus masrahake sarirane minangka kurban panebusing dosa …” (53:10)
Tembung “kurban’ wonten ing Kamus Besar Bahasa Indonesia (KBBI) ngemu teges kalih perangan, inggih punika: sepisan, tiyang utawi kewan ingkang nandhang sangsara karana prastawa (umpaminipun kecelakaan, kobongan, bencana alam, lsp.) utawi tumindhak ala (contonipun: perampokan, maling, pelecehan, lsp). Kaping kalih, paweweh kangge mujudaken raos bekti, raos peduli saha kasetyan dhumateng Gusti Allah lan sesami.
Waosan kita ing wekdal punika mratelakaken pamecanipun nabi Yesaya bab rawuhipun Abdinipun Sang Yehuwah ingkang badhe nandhang sangsara. Kasangsaran ingkang dipun sanggi dening Abdinipun Sang Yehuwah punika boten awit kalepatanipun, nanging jalaran sakehing dosanipun manungsa. Abdinipun Sang Yehuwah punika anggenipun nglampahi sangsara ngantos seda awit nindakaken karsanipun Sang Yehuwah piyambak, inggih punika nanggel dosanipun manungsa. Pramila nalika Abdinipun Sang Yehuwah punika kedah nandhang sangsara, Panjenenganipun boten nampik. Rikala semanten, ing gesangipun tiyang Israel wonten satunggaling padatan utawi “tradisi” bilih tiyang ingkang nandhang dosa menawi badhe dipun tebus kedah masrahaken kurban kangge nanggel lan nebus dosanipun. Menawi pranatanipun tiyang Israel punika kados mekaten, ateges pamecanipun nabi Yesaya badhe mratelakaken Abdinipun Sang Yehuwah ingkang badhe nandhang sangsara punika dados kurban.
Dinten punika kita sesarengan mengeti dinten sedanipun Gusti Yesus. Sacara kadonyan, sedanipun Gusti Yesus Kristus punika minangka lelampahan ingkang boten salimrahipun. Awit nalika Gusti Yesus seda dipun tingali saking yuswanipun taksih timur utawi taksih anem. Anggenipun seda kedah nglangkungi margining kasangsaran ingkang awrat sanget, kamangka Panjenenganipun boten nindakaken kalepatan, nanging Panjenenganipun katetepaken nandhang sangsara lan seda. Pangurbananipun Gusti Yesus punika wujud raos bekti dening karsanipun Gusti Allah saha raos peduli, raos tresna lan setya dhumateng kita sadaya. Pramila sumangga kita ugi nelakaken raos bekti wonten ngarsanipun Gusti Allah lan ugi raos peduli, tresna lan setya dhumateng sesami. Amin. [sugimbul].
“Tresna mring sesami tan mawang tiyang, nulad sihing Gusti ingkang murbeng gesang”