Mantep ing Pracaya Pancaran Air Hidup 9 Maret 2023

9 March 2023

Waosan: Kolose 1 : 15 – 23 │ Pamuji: KPJ. 133 : 1, 2
Nats:Marga saka iku kowe kudu padha mantep ing pracaya, tetep santosa ora keguh, lan aja nganthi nyleweng saka ing pangarep-areping Injil kang wus padha kokrungu, …” (Ayat 23)

Punapa tandhanipun tiyang punika dipun wastani tiyang ingkang mantep ing pracaya? Sebagian tiyang badhe mangsuli: “Tiyangipun remen dedonga, saben Minggu tindak dhateng greja, pangucapipun lembah, tumindakipun sae, gesangipun kebak saos sokur.” Wangsulan punika leres, nanging wonten prekawis sanesipun ingkang dados tandha tiyang punika mantep ing pracaya, inggih punika: piyambakipun tansah ngraosaken tentrem rahayu, karana pitados bilih Gusti Allah ngrimati gesangipun. Piyambakipun tansah masrahaken sawetah gesangipun ing Astanipun Gusti.

Rasul Paulus paring piwucal dhateng pasamuwan ing Kolose bab sinten ta Gusti Yesus punika? Kenging punapa Gusti Yesus punika dipun wastani ingkang pinunjul tinimbang sedaya ingkang dipun titahaken? Paulus paring pangertosan bilih Gusti Yesus punika, Gusti Allah piyambak ingkang Mahakuwaos. Panjenenganipun punika Gusti Allah ingkang manjalma dados manungsa. Sedaya titah punika wonten ing panguwaos-Ipun lan katitahaken kagem kamulyan-Ipun. Hubungan antawisipun Gusti Yesus Kristus kaliyan pasamuwan punika dipun umpamiaken Sirah kaliyan Badanipun. Gusti Yesus punika Sirahing pasamuwan, karana punika pasamuwan minangka badanipun kedah mbangun turut dhateng karsanipun Gusti. Lumantar Gusti Yesus, pasamuwan kaparingan pangapuntening dosa lan kawilujengan gesang. Ing pungkasanipun Paulus ngajak pasamuwan Kolose sami mantep ing pracaya, tetep santosa, boten mangu-mangu, lan boten nyeleweng saking Gusti.

Mujudaken gesang mantep ing pracaya punika boten gampil. Dipun bethaaken usaha lan kasetyan dhateng Gusti selamining gesang kita. Kita saged miwiti saking prekawis ingkang sederhana inggih punika saos sokur lan muji Gusti. Wiwit kita tangi, kita saos sokur lan muji Gusti taksih dipun paringi kesempatan gesang ing dinten punika. Ing wanci dalunipun sak derengipun kita sami ngaso tilem, kita saos sokur lan muji Gusti, sampun dipun paringi kakiyatan dan berkah kangge ngadepi sedaya prekawis ing dinten punika. Sarana punika kita saged ngraosaken tentrem rahayu lan mantep ing pracaya. Gusti saestu nunggil lan ngrimati gesang kita. Amin. [AR].

“Pracaya lan pasraha, awit Gusti kita tansah nunggil gesang kita.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak