Waosan: Roma 3 : 21 – 31 | Pamuji: KPJ 98
Nats: “Marga kabeh wong wis padha gawe dosa sarta koncatan ing kamulyaning Allah, lan padha kabenerake kanthi lelahanan awit saka sih-rahmate lumantar panebuse Sang Kristus Yesus.” (Ayat 23-24)
Saben kita tamtunipun sampun apal kaliyan Donga Rama Kawula, awit saben ibadah Minggu, donga punika tansah kaucapaken wah malih kapujekaken. Ing salebeting Donga Rama Kawula punika wonten frasa utawi kalimat ingkang mekaten: “Saha Paduka mugi ngapunten kalepatan kawula, kadosdene kawula inggih ngapunten tetiyang ingkang kalepatan dhateng kawula.” Pitakenanipun, “Ing gesang kita padintenan ingkang nyata, punapa kita saestu sampun ngapunten tetiyang ingkang lepat dhateng kita?” Swawi kita raos-raosaken malih, kita galih malih kanthi temen.
Kita kedah saos sokur dhumateng Gusti Yesus awit kita sampun nampi pangapuntening dosa. Sedaya punika sampun kita tampi karana sih-rahmatipun Gusti Yesus tumrap kita sedaya. Sih Rahmatipun Gusti punika dipun paringaken dhateng kita lumantar panebusanipun Sang Kristus Yesus. Sak punika kita namung prelu nggadhahi iman kapitadosan ingkang estu lan temen dhumateng Gusti Yesus Kristus. Kita manungsa kabeneraken awit saking pracaya, sanes saking sedaya tumindak sae kita. Bilih kita nampi pangapuntening dosa punika kanthi lelahanan, kedahipun kita ugi purun atur ngapunten dhateng tiyang ingkang lepat dhateng kita. Tamtu prekawis punika mboten gampil, awit kita taksih kagungan sipat egois. Kadangkala rumaos bilih kita ingkang bener lan tiyang sanes lepat. Kita nuntut tiyang sanes nyuwun pangapunten langkung rumiyin, lajeng kita badhe ngapunten tiyang punika. Senadyan kita mangertos, konsep pangapuntenipun Gusti Yesus mboten kados mekaten.
Ing gesang kita samangke, swawi kita mboten namung nyuwun dhumateng Gusti Yesus supados sedaya dosa lan kalepatan kita kaapunten. Kadosdene Donga Rama Kawula ingkang tansah kita ucapaken ugi pujekaken, mangga kita tansah ngapunten tetiyang ingkang lepat dhateng kita kanthi tulusing manah. Swawi kita nyuwun dhumateng Gusti Yesus, supados kita saged nindakaken prekawis punika, kados dene ingkang sampun dipun tuladhaaken Gusti Yesus Kristus dhateng kita sedaya. Mangga kita purun ngapunten sesami ingkang lepat dhateng kita kanthi ikhlas lan legawa. Sarana tumindak punika saestu kita saged ngraosaken tentrem rahayu sawetahipun saking Gusti. Amin. [TpJ].
“Kanthi pracaya, kita mesthi bisa ngapunteni kanthi lelahanan!”