Ora Bakal Katriwal Pancaran Air Hidup 1 Maret 2023

1 March 2023

Waosan: Mateus 18 : 10 – 14 ǀ Pamuji: KPJ. 103 : 1, 2
Nats:
“Satemene Aku pitutur marang kowe: Menawa bisa ketemu, kabungahane tumrap wedhus sing siji iki ngluwihi tumrap wedhus sangangpuluh sanga kang ora katriwal.” (Ayat 13)

Ing koran asring wonten pawartos “Anak Hilang” kanthi nyebataken nami anak ingkang ical, umur, lan ciri-cirinipun. Sarana pawartos punika, tiyang sepuh ingkang kecalan anakipun nggadhah pengajeng-ajeng anakipun enggal saged dipun panggihaken. Usaha sanesipun ingkang dipun tempuh dening tiyang sepuh punika: madosi anak punika dhateng papan-papan ingkang asring dipun tuju anakipun, taken dhateng sanak sederek lan kanca rencangipun si anak, lan lapor dhateng polisi. Bilih anak punika saged kepanggih, saestu bingah sanget manahipun tiyang sepuh, kosokwangsulipun bilih anak punika boten kepanggih, saged dadosaken semplahing manah lan kaprihatosan tiyang sepuh punika.

Waosan kita wekdal punika nyariosaken pasemon bab mendha ingkang ical. Nalika semanten Gusti Yesus paring piwucal dhateng para sakabatipun sarana pitakenan, “Panemu kapriye? Manawa ana wong duwe wedhus satus, banjur ana siji kang katriwal, apa ora bakal ninggal sing sangangpuluh sanga ana ing pagunungan tumuli lunga nggoleki wedhus kang katriwal mau?” Gusti Yesus ngendikan, “Manawa bisa ketemu, kabungahane tumrap wedhus sing siji iki ngluwihi tumrap wedhus sangang puluh sanga kang ora katriwal. Mangkono uga Ramamu kang ana ing swarga ora ngarsakake ilange bocah iki siji bae.” Saking pasemon punika kita mangertos Gusti Yesus punika Juru Angon Mendha ingkang sejati.

Kados pasemon punika kita saged ngaca bilih gesang kita punika, kadangkala kados mendha ingkang katriwal. Asring kita nebih saking Gusti lan namung manut pemanggih gesang kita piyambak. Kita asring tumindak dosa lan jahat wonten ngarsanipun Allah. Senajan mekaten Gusti Allah tansah nresnani kita. Gusti Allah tansah nimbali lan madosi kita, supados kita mratobat saking dosa duraka kita. Gusti Allah boten negakaken kita katriwal kados mendha ical punika. Karana punika, mangga kita sami sadar lan enggal mratobat dhateng Gusti. Taksih wonten wekdal lan kesempatan kangge kita. Ingkang dipun betahaken namung kasedyan lan pangaken kita ngakeni kalepatan lan dosa kita, sarta janji kita tansah setya tuhu dhateng Gusti. Kanthi mekaten badhe wonten kabingahan ageng ingkang Kratoning Swarga ugi ing pasamuwan awit mendha ingkang ical sampun kepanggih. Amin. [AR].

“Aku iki wedhus ilang kang wis ketemu, mila uripku tansah saos sukur lan makarya kagem Gusti.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak