Ngupadi Kawicaksanan Pancaran Air Hidup 15 Februari 2023

15 February 2023

Waosan: Wulang Bebasan 2 : 1 – 15 | Pamuji: KPK. 191
Nats:Manawa iku kokupaya kaya golek salaka, lan pangoyakmu kaya mburu rajabrana kapendhem, kowe tumuli bakal nemu pangreten bab wedi-asih marang Pangeran Yehuwah lan oleh kawruh bab Gusti Allah.” (Ayat 4-5).

Arta punika piranti kangge mbayar ingkang sah ing donya punika! Boten saged dipun selaki bilih kangge nyekapi kabetahan gesangipun manungsa sacara kajasmanen, manungsa mbetahaken arta. Pramila boten gumun anggenipun manungsa ngupadi pados arta punika dipun sranani nyambut damel ingkang saestu, malah kadhang ngantos ketingal rekasa. Boten peduli alangan punapa kemawon, ingkang penting pikantuk arta, abot entheng dipun lampahi.

Wulang Bebasan ingkang dados waosan kita dinten punika nedahaken bilih manggihaken kawicaksanan (hikmat) punika boten gampil. Supados manungsa saged manggihaken kawicaksanan punika, manungsa kedah ngupadi pengalaman kanthi tumemen, boten cekap kanthi cara maos kemawon. Malah kepara anggenipun ngupadi pengalaman kedah kados tiyang pados saloka lan mburu rajabrana. Saking punika kita saged mangertosi bilih ngudi kawicaksanan saking Gusti punika kedah katindakaken kanthi tumemen, kedah dipun waos, dipun mirengaken, dipun raos – raosaken lajeng dipun tindakaken supados kita saged mangertos karsanipun Gusti dhateng kita. Karana punika, kita ugi kedah jujur, tanpa cacad ing laku, nggondheli kayekten lan lumampah ing margi ingkang sae. Kanthi nindakaken gesang ingkang kados mekaten punika, kawicaksanan punika saged lumebet lan rumesep ing manah kita. Lan kita saged dados tiyang ingkang wasis lan mbingahaken nyawa kita.

Ing zaman punika, tiyang langkung remen muja-muji “asiling panggayuh” tinimbang gesang manut dhumateng Sabda Pangandikaning Gusti Allah. Kasuksesan gesang sacara kajasmanen dipun pandeng langkung unggul. Pramila kathah tiyang ngudi kasuksesan ngantos boten nggatosaken angger – angger-Ipun Gusti Allah. Kamangka iba jangkepipun menawi kasuksesan punika kawiwitan lan kairing kawicaksanan saking sabda pangandikanipun Gusti ingkang dipun lampahi ing saben wekdal. Kawicaksanan ingkang dados yonining Sabda punika mesthi badhe nuntun gesang kita. Sampun wekdalipun kangge kita sedaya, gesang kanthi wicaksana. Sumangga kita lambari tumindak kita sarana kawasisan ingkang saged kita panggihaken saking Kitab Suci, amargi menawi kita saged lampahi punika, pituwasipun rahayu. Amin. [nDrung].

“Upadinen kanthi temen yen ketemu bakal rahayu.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak