Dadi Uyah lan Padhang kang Sejati Pancaran Air Hidup 5 Februari 2023

5 February 2023

Waosan: Matius 5 : 13 – 20 | Pamuji: KPJ. 421 : 1
Nats:Manawa kasampurnanmu ora ngungkuli kabeneraning para ngulama lan para wong Farisi, kowe mesthi ora bakal lumebu Kratoning Swarga.” (Ayat 20).

Samubarang prekawis tamtunipun nggadhahi ciri khas piyambak-piyambak, sarta ciri khas punika gegayutanipun kaliyan tujuan, fungsi, lan paedahipun. Contonipun: mobil, punika cirinipun nggadhah roda lan mesin, ingkang fungsinipun kangge sarana transportasi darat, sanes kendaraan ing segara utawi ing langit. Mekaten ugi sarem lan padhang, kita estu mangertosi bilih sarem cirinipun karaos asin kangge pangrasa ing dhaharan. Padhang cirinipun urup lan tujuanipun kangge madhangi panggenan ingkang peteng. Ananging, kados pundi nalika sarem lan padhang punika boten kagungan fungsinipun malih? Mesthi bakal muspra lan tanpa guna, lajeng kabucal ing rak sampah.

Ing waosan punika, Gusti Yesus atur piwucal wonten ing gunung. Para pandherekipun kadhawuhan supados mbangun pigesangan kadya sarem lan padhang ingkang kagungan ciri saha fungsinipun kanthi cetha. Awit ing kasunyatan, taksih kathah umat kagunganipun Gusti ingkang gesangipun namung saderma nglampahi karohanenipun, nanging boten kawujudaken ing gesang nyata. Kadya para Farisi lan ahli Toret ingkang estu temen mangertosi isining Kitab Suci, nanging tindak-tandukipun asring netepaken alanipun tiyang sanes lan boten peduli dhateng umat ingkang mbetahaken pitulungan. Pramila, para pandherekipun Gusti sami kadhawuhan supados anggenipun nampi Sabda (Toret), boten namung dipun sinaoni kemawon, nanging ugi kedah dipun lampahi sarta dipun wucalaken kanthi pranyata sedaya pepaken-pepakenipun Gusti Allah. Awit Gusti Yesus dhawuh, “Manawa kasampurnanmu ora ngungkuli kabeneraning para ngulama lan para wong Farisi, kowe mesthi ora bakal lumebu Kratoning Swarga.”

Kita ingkang sinebut para pandherekipun Gusti sampun sakmesthinipun kedah kagungan ciri khas ingkang cundhuk kaliyan sipat lan pakaryanipun Gusti Allah ingkang sampun mawujud ing Gusti Yesus Kristus. Pramila, sumangga kita nuladha Gusti Yesus Kristus ingkang sampun ngrumiyini dados sarem lan pepadhang ingkang sejati. Dene kita umat kagunganipun sami ngraosaken kanugrahanipun lumantar Sih Katresnanipun ingkang luhur. Sumangga kita wujudaken sarem lan pepadhang ingkang estu sejati, anggen kita saged nyumurupaken ciri khas, fungsi, lan paedah gesang kita ing alam donya. Satemah gesang kita para pandherekipun Gusti estu dados talanging berkah tumrap sesami titah. Amin. [mojo].

“Yesus Kristus Sang Pamarta, punika Asmane panutan kula.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak