Waosan: Purwaning Dumadi 49 : 1 – 28 | Pamuji: KPJ. 431
Nats: “Iku kabeh talere Israel, cacahe rolas, lan iya iku mau kang dipangandikakake dening kang rama, nalika padha diberkahi, siji-sijine kaparingan berkah dhewe-dhewe.” (Ayat 28).
Sampun limrah bilih tiyang sepuh punika ndendonga nyuwunaken berkah kangge para anakipun, supados gesangipun anak-anak punika tansah lestantun. Mekaten ingkang dipun lampahi Yakub nalika sampun rumaos badhe pejah. Yakub ngempalaken para putranipun ingkang cacahipun 12, lajeng dipun berkahi sarana pitedah kados pundi anggenipun para putra punika nglampahi gesang ing mangsa mbenjangipun. Ananging berkah-berkah ingkang dipun lantaraken Yakub punika adedasar kados pundi padatan tumindakipun para putra punika saben dintenipun. Setunggal lan setunggalipun mboten nampi berkah ingkang sami. Sanajan tumindakipun Yakub saged dipun wastani mboten adil, ananging saged ketingal, bilih Yakub saestu nggatosaken punapa ingkang dipun lampahi dening para putranipun punika.
Manungsa asring damel paugeran adedhasar panimbangan kamanungsan, kadosdene urutan lair, tumindakipun sae punapa mboten, lan kahanan (pangkat, drajat, lsp). Anggenipun Gusti Allah paring berkah dhumateng manungsa punika maneka warna macemipun. Antawis setunggal lan setunggalipun mboten sami. Anggenipun Gusti Allah paring berkah punika mboten damel paugeran adhedhasar panimbangan kamanungsan. Berkah ingkang dipun tampi saking Gusti Allah punika miturut karsanipun Gusti Allah lan kagem kamulyanipun Gusti Allah ingkang sampun dipun lantaraken Gusti Yesus Kristus.
Saben tiyang punika nampi berkah ingkang benten-benten, adhedhasar sih-rahmatipun Gusti. Karana punika sampun ngantos kita nggadhahi sipat iri dhateng berkah ingkang dipun tampi tiyang sanes. Langkung-langkung kanggenipun kita, tiyang pitados ingkang sampun mangertos bilih berkah punika kagem kamulyanipun Gusti Allah, sampun ngantos kita nglirwaaken berkah ingkang kita tampi saking Gusti. Kados pundi berkah punika saged ugi lumeber dhateng liyan. Sumangga kita ugi tansah ngaturaken gunging panuwun dhumateng Gusti, sarta salam berkah dhateng tiyang sanes ingkang saged ndadosaken semangat lan bingahing gesang kita. Awit sarana tumindak punika, katentremanipun Gusti saged kita raosaken lan dipun raosaken dening sesami. Amin. [Sungsang].
“Sanajan ora isa tumandhang, aja lali ndendonga kanggo liyan”