Waosan: Yokanan 1 : 29 – 42 | Pamuji: KPJ. 212
Nats: “Delengen iku Cempening Allah kang ngilangi dosane jagad.” (Ayat 29)
“Delengen iku Cempening Allah kang ngilangi dosane jagad”. Mekaten anggenipun Yokanan Pambaptis nepangaken Gusti Yesus dhateng para umat nalika piyambakipun mbaptis Gusti Yesus. Saged dipun mangertosi bilih piyambakipun punika boten namung maringi pirsa lan nepangaken Gusti Yesus kemawon, piyambakipun ugi ngersaaken supados sedaya tiyang ingkang dipun paringi pirsa punika puruna ndherek Gusti Yesus.
Nalika sareng kaliyan kalih sakabatipun, Yokanan nyariyosaken bilih piyambakipun nggadhahi tanggeljawab nyawisaken margi kagem rawuhipun Sang Cempe. Yokanan dhawuh “Delengen iku Cempening Allah!” (Ay. 36). Dhawuh punika kalair amargi Priya Agung ingkang dipun cariyosaken rawuh ing antawisipun Yokanan lan para sakabat kalih wau. Dhawuhipun Yokanan ingkang nepangaken Sang Cempenipun Allah dhumateng para sakabat punika tinampi sae lan ndadosaken para sakabat kalih punika nggadhahi semangat nyuwun pirsa pakendelanipun, ndherekaken Gusti Yesus, saha dados sakabatipun Gusti Yesus. Punapa ingkang dipun wucalaken dening Yokanan dhateng para sakabat punika nedahaken bilih piyambakipun nggadhahi pangajeng – ajeng, supados para sakabat kalih wau saged saestu tuwuh kawruhipun lan tuwuh kapitadosanipun. “Gayung bersambut”, sakabat kalih punika lajeng ndherekaken Gusti Yesus, ingkang saderengipun ndherekaken lampahipun Yokanan, guru ingkang wiwitan nepangaken Sang Cempenipun Allah dhateng sedaya umat.
Pasamuwan ing zaman punika perlu sinau dhateng Yokanan Pambaptis ingkang ajeg anggenipun nepangaken Gusti Yesus dhateng para sakabatipun. Piyambakipun boten nate kendhat nyariyosaken kawontenanipun Sang Cempenipun Allah ngantos para sakabat sami wanuh, pirsa, lan nggadhahi semangat nepangi Gusti Yesus kanthi saestu. Sampun ngantos Gusti Yesus Kristus punika, namung kita tepangi lan namung kita ingkang dados pandherekipun, ananging sumangga Gusti Yesus, kita tepangaken dhumateng jagad punika. Dados tugas lan timbalan kita minangka pandherekipun Gusti Yesus tansah martosaken kabar kabingahan punika. Mangga kita sami ngupaya supados sedaya umat manungsa punika sami tepang kaliyan Gusti Yesus lan pitados dhumateng Panjenenganipun. Amin. [nDrung].
“Critakna dalan kang pener, wulangna kaweruh kang bener”