Waosan: Purwaning Dumadi 27 : 30 – 40 ǀ Pamuji: KPJ. 120
Nats: “Pedhangmu kang bakal dadi saranane panguripanmu lan kowe bakal ngawula marang adhimu. Ewadene besuk bakal kelakon, yen kowe mbudi-daya kanthi temen-temen, pasangane bakal uwal saka ing githokmu.” (Ayat 40).
Rancanganipun Allah tetep rancanganipun Allah, lan punika ingkang badhe kelampahan ing satengahing pigesangan nyata. Manungsa boten saged nyingkiraken rancanganipun Allah. Punapa kemawon cara ingkang dipun lampahi manungsa kangge ngewahi, boten badhe nuwuhaken woh. Waosan punika paring pepenget dhateng kita.
Ishak mangertos punapa ingkang dados rancanganipun Allah bab dinten ngajeng kangge tedhak turunipun (PD. 25:23), “… kang tuwa bakal ngawula marang kang nom.” Emanipun, Ishak dereng saged nyengkuyung rancanganipun Allah kanthi sawetahing manahipun. Pamaelunipun Ishak dhumateng titahipun Allah punika karisak dening manasuka pribadi. Bilih Ishak nggadhahi pepenginan nutugaken katresananipun dhumateng Esap. Ishak paring katresnan ingkang boten imbang antawisipun putra kekalih, Esap lan Yakub. Sih katresnanipun kangge Esap langkung ageng tinimbang sih katresananipun kangge Yakub. Kosokwangsulipun Ribka minangka ibu, paring sih katresnan kangge Yakub langkung ageng tinimbang sih katresnan kangge Esap. Kita sami saged niti priksa bilih brayat punika boten saged ngolah katresnan kanthi sae. Bab punika saged dados racun ingkang ngrisak katentreman ing salebeting gesang bebrayatan. Ing pungkasaning cariyos kasebataken bilih brayat punika boten ngraosaken tentrem, kosokwangsulipun ngraosaken gesang ingkang pait. Lajeng nemahi pasulayan ing antawisipun Esap lan Yakub.
Nalika kita mlampah ing margining manungsa lan nglirwakaken margining Gusti Allah, punika asring ndadosaken gesang kita punika tebih saking katentreman, malahan saged ndadodaken gesang kita kebak pasulayan. Rancanganipun Gusti Allah benten kaliyan rancanganipun manungsa. Ukuranipun Gusti Allah benten kaliyan ukuran manungsa. Makaten ugi kaadilanipun Gusti Allah benten kaliyan kaadilan manungsa. Sae kanggenipun manungsa, dereng tamtu sae wonten ngarsanipun Gusti Allah. Karana punika, sumangga kita sami nggegilut, Gusti Allah ing salebeting ngrancang kasaenan kangge pigesangan punika mbetahaken kita dados rencang damelipun. Mangga kita sami manunggil lan tut wingking dhumateng rancanganipun Gusti Allah. Kita pitados bilih rancanganipun Gusti Allah punika rancangan ingkang endah lan kebak kawilujengan kangge kita. Amin. [ES].
“Mung siji sing ngasorake Allah, yaiku patining kaadilan.”