Petrikor Pancaran Air Hidup 7 Januari 2023

7 January 2023

Waosan: Jabur 72 : 1 – 14 │ Pamuji: KPJ. 441
Nats:’Panjenenganipun mugi kadosa jawah ingkang dhumawah ing ara-ara parumputan, sarta kados deresing jawah ingkang nyirami bumi!’’ (Ayat 6)

Petrikor punika tegesipun ganda ingkang mijil nalika jawah dhumawah ing lemah ingkang garing. Ukara petrikor punika asalipun saking basa Yunani inggih punika petra (sela) lan ichor (rah para dewa). Dene menawi dipun sinaoni mawi ilmu kimia, sejatosipun petrikor punika wujuding reaksi kimia saking zat asam ingkang nalika kenging toya jawah lajeng sami minggah satemah gandanipun saged kaambet dening manungsa. Petrikor punika gandanipun saged ndadosaken tiyang ngraosaken ayem lan nentremaken manah, krana ganda ingkang seger. Lan krana jawah ingkang ngasta ganda petrikor punika awis-awis kedadosanipun, pramila kathah tiyang ingkang kangen lan ngantos-antos raos punika.

Mbok bilih raos kangen punika ingkang karaosaken dening Juru Masmur nalika nyerat Jabur 72 punika. Juru Mazmur punika rumaos kangen dhateng raos kaadilan lan katentreman ingkang kaasta dening Gusti Allah lumantar abdinipun ingkang jumeneng Ratu. Kaadilan lan katentreman punika saged kawujud nalika ingkang ringkih, mlarat, lan katindhes pikantuk pitulungan. Punika bukti lan pratandha ingkang nyata bilih Gusti Allah sampun makuwon lan Keratonipun binabar wonten ing donya.

Murugaken Keratonipun Allah sejatosipun boten namung timbalan kangge para Ratu kemawon. Kita minangka tiyang pitados ugi tinimbalan kengge mujudaken kaadilan lan katentreman supados Keratonipun Allah binabar ing donya. Kados pundi caranipun kangge kita wujudaken kaadilan punika? Caranipun saged kita wiwiti saking brayat kita, ing pundi kita boten benten-bentenaken katresnan kita dhateng putra lan putri kita. Salebeting peladosan, kita purun andhum berkah kangge warga pasamuwan ingkang ringkih lan kacingkrangan. Mekatena ugi salebeting masyarakat, kita saged paring tuladha ingkang sae, saged dados juru pirukun nalika wonten tanggi ingkang ngadepi karibetan. Kados dene tumetesing toya jawah ingkang murugaken petrikor ingkang ngganda seger, mekaten ugi tiyang pitados menawi makarya lan leladi kanthi leres bakal ndadosaken raosing ayem lan tentrem kangge sedaya titah. Amin. [ads].

“Rahayu kowe kang padha mlarat, amarga kowe kang padha nduweni Kratoning Allah.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak