Pengajeng-ajeng Enggal Pancaran Air Hidup 1 Januari 2023

1 January 2023

Waosan: Matius 2 : 13 – 23 ǀ Pamuji: KPJ. 19 : 1, 2
Nats:Ananging bareng krungu warta, yen Pangeran Arkhelaus nggentosi kang Rama Sang Prabu Herodhes jumeneng nata ana ing tanah Yudea, dadi sumelang yen mrana. Nanging sarehne tampa wangsiting Allah ing sajroning pangimpen, banjur ngener menyang ing tlatah tanah Galilea.” (Ayat 22).

Miwiti taun enggal punika, punapa ingkang dados pangajeng-ajeng panjenengan? Tamtu kita sedaya sarujuk, kita gadhah pengajeng-ajeng bilih gesang kita ing taun enggal punika langkung sae tinimbang taun kepengker. Kita tansaya semangat makarya, brayat kita saged rukun lan tentrem, mekaten ugi kita tansah kaparingan bagas kasarasan lan berkah ing salebeting gesang kita. Karana punika, kita kedah gadhah tekad lan niat ingkang sae, supados pangajeng-ajeng kita ingkang sae punika saged kalampahan.

Waosan kita dinten punika nyariosaken lampahing brayatipun Yusuf lan Maria ingkang tebih saking pengajeng-ajeng brayat enggal ingkang kagungan putra. Sak sampunipun Gusti Yesus miyos ing donya, Malaikatipun Allah rawuh dhateng Yusuf ing pangimpenipun saperlu martosaken supados Yusuf, Maryam lan bayi Yesus ngungsi dhateng Mesir, karana Prabu Herodhes badhe nyedani sedaya bayi ingkang wonten wilayah Betlehem. Yusuf lajeng nindakaken punapa ingkang dipun kersaaken Gusti Allah lumantar Malaikatipun punika. Sak sampunipun Prabu Herodes seda, malaikatipun Allah ngatingal malih dhateng Yusuf, sarta dipun pangandikani supados piyambakipun, Maryam lan bayi Yesus wangsul dhateng Israel, boten tumuju ing tanah Yudea nanging ing tanah Galilea, karana punika Gusti Yesus kasebut tiyang Nasaret.

Prastawa brayatipun Yusuf ingkang ngungsi dhateng Mesir lan wangsul ing tanah Galilea, tamtu sanes prekawis ingkang dipun pengini. Nanging ing ngriki kita saged sinau saking Yusuf. Yusuf ingkang setya dhumateng Gusti. Yusuf ingkang purun mirengaken lan nindakaken punapa ingkang dipun kersaaken Gusti, sarta Yusuf ingkang boten nate kecalan pangajeng-ajeng dhumateng Gusti sanadyan ngadepi prekawis ingkang awrat sarta ancaman tumrap brayatipun. Kita boten mangertos punapa ingkang badhe kedadosan ing ngajeng kita taun punika, nanging mangga kita kados Yusuf, kita lampahi gesang ing taun enggal punika srana pengajeng-ajeng enggal, bilih Gusti tansah nuntun lan nganthi gesang kita lan brayat kita. Amin. [AR].

“Rahayu wong kang tansah gesang kebak ing pengajeng-ajeng.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak