Waosan: 2 Samuel 7 : 23 – 29 | Pamuji: KPJ. 346a
Nats: “Punika sababipun ingkang abdi lajeng kumawantun ngunjukaken pandonga punika dhateng Paduka.” (Ayat 27b).
Kita tamtu sampun kulina ndedonga. Kita ndedonga mbokmenawi sedinten kaping kalih utawi malah kapara langkung kathah. Kita ndedonga piyambakan sacara pribadi utawi sesarengan kaliyan kulawarga utawi sesarengan kaliyan pasamuwan. Sanadyan sampun kulina lan asring, malah saben dinten kita ndedonga, taksih wonten pitakenan ingkang prelu kita raos-raosaken. “Ndedonga punika kuwajiban, punapa kabetahan, punapa sanesipun? Menawi sanes kuwajiban lan kabetahan, lajeng punapa ingkang dados dhasaring anggen kita ndedonga? Anggen kita ndedonga punika ngunjukaken panyuwun, punapa panuwun? Menawi panyuwun, panyuwun kagem punapa?”
Waosan kita dinten punika arupi peranganing pandonganipun Prabu Dawud dhumateng Gusti Allah. Ingkang dados dhasaring pandonganipun Prabu Dawud inggih punika prasetyanipun Gusti Allah dhateng kulawarganing abdinipun punika. Tamtu anggenipun ndedonga ugi dipun lambari iman kapitadosan dhumateng Gusti. Dados, pandonganipun punika sanes pandonga ingkang tanpa dhasar, sanes namung minangka kuwajiban, ugi sanes namung karana kabetahanipun. Pangangkah utawi tujuaning pandonganipun inggih punika supados kulawarganipun lestantun nunggil dhumateng Gusti, sanes sadremi nyuwun berkah. Nunggil dhumateng Gusti ateges tansah mbangun mituhu dhateng sadaya prentahipun Allah. Patunggilaning kulawarganipun kaliyan Gusti Allah dipun pikajengaken saged lestantun, tegesipun turun-tumurun ngantos anak putunipun. Dados, pandonganipun punika nedahaken anggenipun waspada dhateng sadaya panggodha ingkang nempuh kulawarganipun.
Kita ugi prelu waspada nglampahi pigesangan punika, supados kita lan anak-putu kita sampun ngantos kawon dhateng piawon. Ndedonga dados salah satunggaling margi utami dhateng kawaspadan. Kita prelu waspada kanthi ndedonga, boten namung menawi saweg nemahi pakewed reribet, nanging ugi ing salebeting kabingahan. Sumangga sami waspada lan ndedonga supados gesang kita lan anak-putu kita lestantun nunggil kaliyan Gusti. Amin. [st]
“Waspada tanpa ndedonga, iku bakal nglaha.”