Waspada Pancaran Air Hidup 21 Desember 2022

21 December 2022

Waosan: Purwaning Dumadi 37 : 2 – 11 | Pamuji: KPJ. 74
Nats:Yusuf nalika umur pitulas taun, dadi isih enom, kulina angon raja-kaya bebarengan karo sadulur-sadulure, anake Bilha lan Zilpa garwane kang rama, sarta Yusuf iku ngaturake marang kang ramane bab pialane para sadulure.” (Ayat 2).

Miturut KBBI, waspada punika ngati-ati, jaga-jaga utawi siaga. Saged ugi dipun artosaken awas, eling, prayitna, teliti, lan waskita. Pramila saking punika sadanguning gesang, ing wekdal kapan kemawon, ing papan pundi kemawaon, lan ing kawontenan punapa kemawon, kita kedah waspada. Sok sintena kemawon ingkang waspada ing gesangipun mesthi ginanjar kasaenan. Umpaminipun, wekdal badhe nyabrang margi, kita kedah toleh ngiwa lan nengen, awas, mbokmenawi wonten kendaraan utawi tiyang sanes ingkang badhe liwat. Manawi kita langsung nyebrang, saged-saged kita ketabrak.

Waosan kita nyariosaken kados pundi Yusuf ingkang taksih anem makarya sesarengan kaliyan para saderekipun ingkang sengit lan tumindak awon dhumateng piyambakipun. Makarya ing kawontenan ingkang kados mekaten punika tamtu mboten sekeca, saben-saben kedah ngatos-atos lan waspada ing sadengah wicantenan lan tingkah polahipun. Klentu sakedik kemawon mesthi bakal bilahi. Kawontenan punika sanes kedadosan ingkang keleresan (kebetulan), nanging sampun karancang dening Gusti Allah. Punika saged kita mangertosi lumantar cariyos salajengipun, Yusuf mimpi: bentelan gandum para saderekipun sami nyembah dhateng bentelan gandumipun. Yusuf mimpi malih: srengenge, rembulan sarta lintang sawelas cacahipun sami nyembah dhateng piyambakipun. Punika pitedah bilih Gusti Allah tansah ngasihi lan ngayomi Yusuf ingkang tansah setya dhumateng Allah. Kita saged mangertosi maneka cara ingkang dipun agem Gusti kangge ngayomi lan ngarahaken gesangipun Yusuf kagem kasaenan tiyang sanes. Sinaosa Yusuf tansah setya lan gesang ingkang leres ing ngarsanipun Gusti, sanyata lampah gesangipun mboten mulus, malah kebak panandang.

Lampahing gesangipun Yusuf saged dados tuladha kangge kita. Bilih waspada ing satengahing gesang lan pakewed punika saged nuwuhaken berkah lan kasaenan kangge kita lan sesami. Tamtunipun berkah lan kasaenan punika saged kita tampeni, sauger kita tansah setya dhumateng Gusti Allah lan rancanganipun. Sinaosa sadaya punika rumpil lan angel, nanging rancanganipun Gusti punika mesthi tumuju tentrem raharja. Pramila saking punika, sumangga kita tansah waspada ing satengahing pakewed gesang kita. Amin. [SW].

“Eling lan waspada, diawas lan prayitna, setiti ngati-ati Gusti mesthi nganthi.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak