Aja Wedi Kangelan Pancaran Air Hidup 11 Desember 2022

11 December 2022

Waosan: Matius 11 : 2 – 11 ǀ Pamuji : KPJ. 126 : 1 – 3
Nats: “Punapa Paduka punika ingkang pinasthi rawuh, punapa kawula sami kedah ngentosi sanesipun?” (Ayat 3b)

Yokanan katimbalan nyawisaken rawuhipun Gusti Yesus. Minangka utusan, Yokanan kedah martosaken kaleresan. Nalika nyumerepi prekawis gesang ingkang boten condong kaliyan karsanipun Gusti, piyambakipun kedah wantun ngengetaken. Pramila nalika piyambakipun nyumerepi bilih Herodes remen kaliyan semah sedherekipun, Yokanan wantun ngengetaken. Resiko ingkang katampi nalika ngengetaken inggih punika piyambakipun dipun kunjara. Ing satengahing pakunjara, Yokanan mireng pawartos bab Gusti Yesus ingkang ngawontenaken mukjijat-mukjijat ingkang nengsemaken. Lajeng para sakabatipun dipun utus nyuwun pirsa kanthi pitakenan “Punapa Paduka punika ingkang pinasthi rawuh, punapa kawula sami kedah ngentosi sanesipun?” Nggatosaken carios ing nginggil, kados-kados Yokanan nggadahi pangajeng-ajeng badhe nampi pangluwaran. Punapa Yokanan lajeng nampi pangluwaran? Babar pisan, boten.

Yokanan minangka utusanipun Gusti Allah nampi momotaning gesang ingkang awrat. Piwucalipun boten dipun tampi, piyambakipun dipun kunjara, sarta pungkasanipun pejah kanthi cara ingkang nggegirisi. Ananging pakaryanipun Gusti Allah tetep lestantun, sansaya kababar lan ngrembaka. Saking cariyos Yokanan punika, kita saged methik piwucal: aja wedi kangelan lan aja wedi nandhang sangsara. Kita sadaya punika utusanipun Gusti kangge nggelaraken pakaryanipun Gusti. Gusti Yesus sampun dados tuladha tumraping kita sadaya, anggenipun paring kawilujengan kangge jagad punika, Gusti Yesus kedah nandang sangsara lan seda ing pamenthangan.

Ing dinten punika kita mengeti ambal warsa greja kita, Greja Krsiten Jawi Wetan. Lumantar waosan kalawau, kita sami kaengetaken sinten kita lan punapa timbalan kita, sarta punapa resiko ingkang kedah kita sanggi? Yokanan lan Gusti Yesus piyambak sampun dados tuladha ingkang nyata. Minangka greja, kita punika patunggilan ingkang kedah lestantun nggelaraken Kratoning Allah. Boten ajrih martosaken kaleresan. Boten ajrih nampi resiko ingkang awrat. Greja kita tansah madhep manteb nampi timbalanipun Gusti supados pakaryanipun Gusti estu nyata sansaya kababar lan ngrembaka ing jagad punika. Sumangga kita minangka peranganing patunggilan GKJW sami sarujuk lan saiyeg sumadya lumebet ing pakaryanipun Gusti. Roh Suci ngiyataken kita sami. Amin. [Life].

“Kangelanmu Gusti kang nyembadani.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak