Ora mung Banca Nekad Pancaran Air Hidup 29 November 2022

29 November 2022

Waosan: Ibrani 11 : 32 – 40 ǀ Pamuji: KPJ. 133
Nats:… kang marga saka pracaya wus nelukake nagara-nagara, nindhakake pangadilan, nampani apa kang wis kaprasetyakake, mbungkem cangkeme singa-singa.” (Ayat 33)

Ing tlatah Jawi Wetan mliginipun ing kitha Surabaya wonten salah satunggaling tim panyengkuyung bal-balan ingkang dipun sebat BONEK, tegesipun bondo (modal) nekad. Kangge nyengkuyung timipun ingkang sanget dipun tresnani, para “bonek mania” punika namung modal “semangat” ingkang makantar-kantar lan nekad. Tanpa arta kangge sangu, ing kala mangsanipun wantun nyengkuyung timipun tandhing wonten sakjawinipun kitha Surabaya. Kadhang kala inggih ngantos toh nyawa kangge mujudaken prekawis punika.

Waosan punika mratelakaken para seksi iman ingkang mboten namung banda semangat lan nekad kemawon, inggih punika: Gideon, Barak, Simson, Yefta, Daud, Samuel sarta para nabi. Tiyang-tiyang punika dados seksining pracaya utawi iman. Punapa ingkang sampun katindhakaken dening tiyang-tiyang punika mboten krana namung nekad nanging saestu adhedasar pitados dhumateng panguwaosipun Gusti Allah (Ay. 6). Punika mawujud lantaran prastawa ingkang saestu ngedab-edabi ing salebeting gesangipun (Ay. 33-35). Kadhangkala ugi ngantos toh nyawa ngukuhi kapitadosanipun wonten ngarsanipun Gusti Allah. Kanthi iman, kapitadosan lan pengajeng-ajeng ingkang kekah, Gideon, Barak, Simson, Yefta, Daud, Samuel sarta para nabi saged ngadhepi maneka warni pacobaning gesang (Ay. 37).

Tiyang ingkang nggadahi iman utawi kapitadosan benten kaliyan tiyang ingkang namung banda nekad. Awit iman punika ugi mbetahaken nalar, petungan ingkang maton lan kadhasaraken saking paseksinipun kitab suci ingkang kita sanggemi minangka dhawuhipun Gusti Allah. Ewosemanten kita kedah tansah enget bilih iman punika nglangkungi sadaya nalar lan petunganipun manungsa. Bilih ing wekdal punika kita saweg ngadepi maneka warni pacobaning gesang ingkang ewed lan mokal kangge nalar pikiran kita, sumangga kita tansah mbudidaya ngadhepi kanthi iman ingkang kekah adhedasar kayekten sabdanipun Allah, mboten namung banda nekad. Amin. [Sugimbul].

Iman utawa pracaya iku ngakoni samubarang ngluwihi akal lan pikiran sehat.”
(Henry Ward Beech)

Renungan Harian

Renungan Harian Anak