Pulang Kampung Pancaran Air Hidup 27 November 2022

27 November 2022

Waosan: Matius 24 : 36 – 44 | Pamuji: KPJ. 418
Nats:Mulane padha rumantia, amarga kowe ora ngreti dina rawuhe Gustimu.” (Ayat 42)

Ing taun 2020, Presiden Jokowi nate dipun wawancarai kaliyan Nadjwa Shihab prekawis kathah warganing masyarakat, mliginipun ingkang nyambut damel ing Jakarta sami nyolong start mudik, kamangka pamrintah taksih ngedalaken larangan mudik karana kawontenan pandemi Covid-19. Lajeng Presiden Jokowi paring katrangan bilih punapa ingkang dipun lampahi dening tiyang-tiyang kalawau sanes mudik ananging pulang kampung. Wonten pemanggihipun Presiden Jokowi, mudik kaliyan pulang kampung punika artosipun benten. Mudik punika wangsul dhateng kampung halaman ing wanci-wanci riyadi lan ing wekdal tembe tiyang kalawau badhe wangsul malih dhateng papan panyambut damelipun. Ateges namung sawetawis wekdal kemawon. Sami-sami wangsul dhateng kampung halaman, ananging pulang kampung nggadahi artos bilih tiyang-tiyang punika nggadahi pepinginan manetep wonten ing papan kelairanipun lan mboten nggadahi pangajeng-ngajeng wangsul malih dhateng papan gesang sakderengipun.

Kadosdene wangsul dhateng kampung kalairan (pulang kampung), sadaya tiyang ingkang gesang wonten ing alam donya punika tamtunipun inggih sami nyadhari bilih piyambakipun badhe wangsul wonten ing ngarsanipun Gusti. Gesang wonten alam donya punika namung sawetawis wekdal kemawon. Bilih dumugi wekdalipun Gusti nimbali, kita wangsul dhateng kampung halaman, mboten wonten tiyang ingkang saged selak. Ingkang dados prekawis, anggenipun Gusti nimbali kita wangsul dhateng papan kalanggengan punika, asring mboten saged dipun mangertosi pratandhanipun, boten perduli sepuh utawi anem, sehat utawi sakit, ing kawontenan sugih utawi mlarat, sadaya tiyang saged dipun timbali sakwanci-wanci.

Lumantar dhawuh pangandikanipun Gusti, kita sami kaajak tansah jumaga lan waspada. Kajawi kita nyawisaken dhiri methuk dinten rawuhipun Gusti ingkang kaping kalih, kita inggih dipun ajak tansah jumaga lan waspada bilih Gusti nimbali kita pulang kampung sakwanci-wanci. Kanthi kita jumaga lan waspada, kita mboten badhe bingung punapa ingkang kita betahaken ing satengah-tengahing margi wangsul dhateng kampung halaman kita punika. Mangga sami nyawisaken dhiri, nyawisaken bontotan, langkung sae malih bilih kita saged nyawisaken “oleh-oleh” ingkang sae kagem Gusti. Amin. [YEP].

Luwih apik getun kadung tuku payung nanging ora sida udan, tinimbang getun kudanan nanging ora nduwe payung.

Renungan Harian

Renungan Harian Anak