Bisa Karana Kulina, Kulina Karena Dipeksa Pancaran Air Hidup 21 November 2022

21 November 2022

Waosan: Yeremia 46 : 18 – 28 | Pamuji: KPJ. 346a
Nats:Dene sira, he abdiningSun Yakub, aja wedi, he Israel, aja kuwatir! Amarga lah, Ingsun mitulungi sira saka ing panggonan kang adoh, tuwin turunira saka ing nagara pambuwangane.” (Ayat 27)

Nindakaken gesang sae lan leres ing kawontenan ayem tentrem punika awrat, punapa malih nindakaken gesang sae lan leres ing kawontenan ingkang kisruh. Ananging sinaosa awrat kadosa punapa kemawon, nindakaken gesang sae lan leres kedah kita lampahi, kedah kita biasakaken, kedah kita budayakaken. Wonten paribasan ingkang mekaten: ”wong bisa karana kulina, wong kulina karana dipeksa.” Artosipun sadaya samukawis ing alam donya punika saged kita lampahi kanthi sae lan leres sauger kita sampun biasa nglampahi. Contonipun: supados kita saged mlampah, kita kedah latihan. Milai saking mlumah, miring, mureb, ongkong-ongkong, mbrangkang, adeg-adeg, trantanan, lajeng saged mlampah. Proses punika awrat lan mbetehaken wekdal ugi usaha ingkang boten gampil.

Ing jamanipun Nabi Yeremia, nagari-nagari ageng kados Asyur, Babel, lan Mesir sami rebutan kuwasa. Kawontenan punika mrembet dhateng Israel. Sakawit Israel dados jajahanipun Mesir, lajeng karana Mesir kawon saking Babel, Israel dados jajahanipun Babel. Gesangipun bangsa Israel sacara ekonomi, politik, ugi sosial prihatos sanget. Ing kawontenan kados mekaten punika, Gusti Allah ngendikan lumantar nabi Yeremia supados bangsa Israel boten ajrih. Gusti prajanji badhe mulihaken bangsa Israel. Bangsa Israel tansah pitados lan ngugemi janji-Nipun Gusti punika.

Supados kita saged nindakaken gesang sae lan leres, kita kedah ngupaya kanthi temen. Wekdal kita dereng saged nindakaken gesang sae lan leres, punika ketingal awrat lan mokal. Ananging manawi kita sampun biasa, sadaya kraos entheng lan gampil. Contonipun: ndedonga saderengipun nedha. Karana sampun dados pakulinan wiwit alit, sadaya saged kita lampahi kanthi entheng. Malah manawi kita nedha tanpa ndedonga kadosipun wonten ingkang kirang. Pramila saking punika, ing kawontenan ingkang awrat kados punapa kemawon, sumangga pangandikanipun Gusti punika kita tindakaken kanthi sae lan leres. Sakawit saestu kraos awrat lan angel, ananging Gusti mesthi paring pitulungan, kados dawuhipun: ”… aja wedi, he Israel, aja kuwatir! Amarga lah, Ingsun mitulungi sira …”. Manawi sampun kulina mesthi kita sami saged nindakaken pangandikanipun Gusti kanthi sae lan leres. Amin. [SW].

“Yen wis kuwat, Pangandikane Gusti enggal pada dilakoni, yen durung kuwat nyuwuna pitulungan marang Gusti. ”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak