Waosan: Lukas 21 : 5 – 19 ǀ Pamuji: KPJ. 159
Nats: “… Sing padha waspada, supaya kowe aja nganti disasarake.” (Ayat 8a)
Wonten ing Februari 2022 kepengker wonten salah satunggaling afiliator Binomo ingkang dipun tangkep polisi nggih punika Indra Kenz. Piyambakipun dipun tangkep karana ngapusi tiyang kathah. Kathah tiyang ingkang kaapusan karana kecelik ningali gaya hidup Indra Kenz. Piyambakipun mameraken gesang ingkang mubra mubru banda donya, griya ingkang ageng kados istana, mobil sport ingkang reginipun milyaran, rasukanipun kanthi merk terkenal lan awis, lan taksih kathah sanesipun. Ningali kahanan ingkang mekaten, kathah tiyang ingkang kepingin kados Indra Kenz, yuswanipun taksih nem, ananging sampun kagungan banda donya ingkang kathah lan mboten mbetahaken wekdal ingkang lami kangge nggadahi sadaya punika. Lha kok kasunyatanipun Binomo punika judi online lan kathah tiyang kecelik sarta rugi milyaran. Punapa ingkang ketingal mboten kados aslinipun, ndadosaken tiyang kecelik.
Para sakabat ingkang sadayanipun tiyang Yahudi kesengsem sanget nalika ningali Padaleman Suci ingkang ngedap-ngedapi. Padaleman Suci punika dipun bangun kanthi sae dening Prabu Suleman. Wiwit milih kajeng aras dipun pilih ingkang sae mboten gampil gapuk, sela-sela ingkang sae kangge hiasan, ingkang dipun paringi lapisan emas. Tamtunipun Padaleman Suci punika dados panggenan ingkang ngedap-ngedapi sanget. Ananging Gusti Yesus dhawuh bilih Padaleman Suci punika badhe dipun rubuhaken matemah mboten wonten satunggal sela kemawon ingkang kasisa. Punapa ingkang dipun aturaken Gusti Yesus punika nedahaken sawijining pasemon ingkang ngemutaken para sakabat supados mboten namung kesengsem bangunanipun kemawon. Ingkang langkung wigatos nggih punika mbangun pangibadah ingkang sae dhumateng Gusti, karana punika ingkang saged ndadosaken para sakabat kiyat nalika nampeni pambengan wonten ing gesangipun. Sanes bangunanipun ingkang penting ananging pangibadahipun.
Gesang kita minangka para panderekipun Gusti Yesus kedahipun kados Kitab ingkang tinarbuka. Tegesipun gesang kita punika ngetingalaken woh ingkang sae. Kita saged dados berkah tumraping sesami lan sumbering tentrem rahayu. Sadaya punika kita lampahi tanpa pamrih lan wales budi, supados tiyang sanes mboten kecelik nalika ningali gesang kita minangka tiyang pitados. Amin. [cha].
“Gesang kita kados Kitab tinarbuka.”