Waosan: Nehemia 13 : 23 – 31 ǀ Pamuji: KPJ. 297 : 1, 2
Nats: “Sang Prabu Sulemen, ratu ing Israel, rak uga dhumawah ing dosa marga saka anane lelakon kang kaya mangkono iku? …, ewasamono iya dhumawah ing dosa amarga katut marang garwane kang saka bangsa liyan iku.” (Ayat 26)
Ing salampahing gesang kita sadinten-dinten, kita boten lepat saking panggodha. Panggodha saking lebeting dhiri kita piyambak ugi panggodha saking sakjawinipun dhiri kita. Conto panggodha saking lebeting dhiri: pepenginan gesang, hawa nepsu, pamikir lan tumindak dursila, lsp. Conto panggodha sakjawinipun dhiri: bandha donya, panguwaos utawi jabatan, tiyang jaler utawi estri sanesipun (PIL/ WIL). Awit saking kathahipun panggodha punika, kita kedah mawas dhiri sarta ngati-ati anggen kita nindakaken gesang. Mekaten ugi kita kedah enget timbalanipun Gusti, sampun ngantos kita dhawah ing dosa karana gampang kagodha ing gesang punika.
Kawontenanipun bangsa Yehuda sacara sosial – ekonomi ketingal sae sak sampunipun sami wangsul saking tanah pambucalan. Kutha Yerusalem ugi dados kutha ingkang maju lan dados pusat perdagangan nalika semanten. Kawontenan bangsa Yehuda ingkang linangkung sae punika dadosaken bangsa Yehuda gumunggung lan dhumawah malih ing dosa. Bangsa Yehuda sampun boten ngegeti bab dinten Sabat malih. Malahan saperangan tiyang Yehuda punika sami nenikahan kaliyan tiyang estri saking bangsa Asdod, Amon, lan Moab. Ing waosan kita dipun sebataken salah setunggaling anak Imam Agung Yoyada bin Elyasib dados mantunipun Sanbalat, tiyang Horoni. Karana punika nabi Nehemia dipun utus kagem ngengetaken bangsa Yehuda supados gesang miturut karsanipun Gusti, sampun ngantos dhawah malih ing dosa. Kangge ngengetaken punika, nabi Nehemia maringi conto gesangipun Prabu Suleman, sanajan piyambakipun Prabu ingkang kasuwur ing Israel nanging ugi dhawah ing dosa karana kagungan garwa ingkang kathah lan katut ing kapitadosan garwa-garwanipun punika.
Panggodha punika tansah wonten ing sauruting gesangipun manungsa. Ingkang perlu kita mangertosi sampun ngantos kita dhawah ing dosa karana kagodha. Mangga kita sami waspada, ngati-ati ing lampah gesang kita. Bilih kita mangertos tumindak kita nyimpang saking margining Gusti, mangga kita mratobat, ngakeni dosa lan nyuwun pangapura dhumateng Gusti Allah. Aja gampang kagodha! Amin. [AR].
“Padha meleka lan ndedongaa, supaya kowe ora kena ing panggodha.” (Mrk. 14:38)