Karahayoning Gesang Pancaran Air Hidup 29 Oktober 2022

29 October 2022

Waosan: Jabur 32 : 1 – 7 ǀ Pamuji: KPJ. 135
Nats:Rahayu wong kang kaapura panerake, kang dosane kaaling-alingan!” (Ayat 1)

Sadaya tiyang gesang ing jagad punika tamtunipun ngupadi gesang ingkang kebak ing karahayon utawi kabingahan. Umumipun tiyang ngraosaken karahayoning gesang lantaran samukawis ingkang dipun darbeki, inggih punika: bandha donya, drajat lan pangkat utawi panguwaos, kapinteran, kaprigelan, lsp. Ananging, karana kawontenaning gesang ingkang sarwa ewed lan ruwet, ing kalamangsanipun ugi murugaken manungsa punika mboten saged ngraosaken gesang ingkang kebak ing karahayon lan kabingahan. Kosokwangsulipun manungsa justru ngraosaken kasangsaran.

Waosan kita punika mratelakaken bilih karahayoning gesang punika mboten namung lantaran bandha donya, drajat, pangkat, panguwaos, kapinteran, lan kaprigelan kemawon. Prabu Dawud paring piwucal bilih kaapura saking sadaya panerak lan dosa punika ugi dados sumbering karahayoning gesang. Awit bab punika ingkang ndadosaken manungsa saged tumindhak jujur lan mboten cidra (Ay. 1-2). Supados saged nampi saha ngraosaken karahayon ingkang luhur punika, manungsa kedah purun ngakeni sadaya dosa lan kalepatanipun (Ay. 5). Saking pengalamanipun piyambak, Prabu Dawud ngraosaken bilih mboten purun ngakeni dosa lan kelepatan njalari balungipun dados gapuk, rinten dalu ngraosaken astanipun Sang Yehuwah nindhes kanthi awrat (Ay. 3-4). Saking ayat punika cetha bilih Prabu Dawud punika ngraosaken mboten tentrem lan mboten wonten daya kekiyatan kangge nglampahi gesangipun. Saksampunipun nyariosaken pengalamanipun lan nedahaken berkat pangapuraning dosa, Prabu Dawud nimbali sadaya tiyang mursid sami ndedonga dhumateng Sang Yehuwah. Tujuanipun supados katebihaken saking karibedan (Ay. 6-7).

Saking waosan punika, kita saged nampi piwucal bilih selami gesang ing alam donya punika, sumanga kita tansah ngupadi gesang ingkang kebak ing karahayon. Mboten namung saking bandha donya, drajat, pangkat, panguwaos, kapinteran, lan kaprigelan kemawon. Ewosemanten ingkang langkung utami inggih punika karahayon karana dosa lan panerak kita kaapura dening Gusti Allah sarta sesami ingkang njalari manah lan gesang kita punika ayem tentrem. Amin. [Sugimbul].

“Rahayu wong kang mursid lampahnya, nyingkur ngen-angene wong durakalan ora ngambah dalane wong dosa.”
(KPJ. 135)

Renungan Harian

Renungan Harian Anak