Waosan: Wahyu 2 : 8 – 11 | Pamuji: KPJ. 435
Nats: “Sing sapa duwe kuping, ngrungokna …” (Ayat 11a)
Dados pamireng ingkang sae punika sanes prekawis ingkang gampil. Langkung-langkung bilih wonten gangguan ingkang saweg kita raosaken, sae saking njawi, mekaten ugi saking diri kita piyambak. Suwanten ingkang banter/ rame saged ndadosken kita mboten saged mirengaken kanthi cetha. Badan ingkang kraos sayah, ngantuk ndadosaken kita mboten saged “fokus/ konsentrasi” anggen kita mirengaken, awit tiyang ingkang mirengaken punika kedah “fokus/ konsentrasi” dhateng tiyang ingkang saweg wicantenan.
Mirengaken kanthi saestu punika dados prekawis ingkang sae sanget, awit saged ndadosaken kita mengertos punapa ingkang dipun ngendikakaken tiyang sanes. Punapa ginanipun mirengaken kanthi saestu? Sepisan, kita paring raos urmat dhateng tiyang ingkang saweg ngendikan. Kaping kalih, kita pikantuk pawartos ingkang langkung jangkep. Kaping tiga, kita saged mangertos kanthi cetha.
Punapa malih mirengaken sabda pangandikanipun Gusti, kita mboten namung mujudaken tigang prekawis ing inggil, tamtu langkung saking punika. Mirengaken kanthi saestu dhawuh Pangandikanipun Gusti saged ndadosaken kita pikantuk berkah ingkang ageng sanget. Waosan kita ing dinten punika ngengetaken supados kita tansah mirengaken SabdaNipun Gusti. “Sing sapa duwe kuping, ngrungokna …” (Ay. 11). Menawi kita gatosaken dhawuh punika kraos “keras” sanget. Punika ateges bilih dhawuh Pangandikanipun Gusti Allah punika wigatos sanget lan kedah dipun lampahi para tiyang pitados, sampun ngantos kita nglirwakaken. Bab punapa punika? Boten sanes bab kasetayan kita dhumateng Gusti. Gusti dhawuh, “Sira disetya tuhu nganti tumeka ing pati, temah bakal Sunganjar makuthaning kauripan”.
Ing wekdal punika, sumangga kita mirengaken dhawuh punika kanthi saestu, supados kita pikantuk makuthaning gesang. Kanthi mirengaken dhawuh pangandikanipun Gusti Allah, kita badhe mangertos margi ingkang tumuju ing kawilujengan gesang. Kita saged mangertos punapa kemawon ingkang dipun kersaaken Gusti Allah dhateng kita. Pramila sumangga kita purun mirengaken saha ngestoaken dhawuhipun Gusti ing salebeting gesang kita. Amin. [SWT].
“Rungokna pangandikanya, aja padha semaya”