Waosan : Lukas 15 : 1 – 10 | Pujian : KPJ. 192
Nats: “Aku pitutur marang kowe: Iya kaya mangkono iku ing swarga bakal ana kabungahan gedhe marga ana wong dosa siji kang mratobat, ngluwihi kabungahan kang tumrap wong sangang puluh sanga kang ora usah mratobat.” (Ayat 7)
Gusti Yesus maringi kawilujengan dhateng manungsa punika mboten namung kangge tiyang ingkang sae kemawon, ananging ugi kangge para tiyang dosa lan juru mupu-beya kados dene ing waosan dinten punika. Rikala semanten kathah tiyang ingkang mboten peduli kaliyan sesaminipun. Tiyang punika namung peduli kaliyan punapa ingkang dadosaken piyambakipun nyaman, aman, lan binerkahan. Tiyang punika ugi mboten purun pambiyantu dhateng sesaminipun ingkang nandhang sangsara. Kagem Gusti Yesus kawontenan ingkang kados punika mboten leres.
Para juru mupu-beya lan tiyang dosa punika adatipun sami sowan ing ngarsanipun Gusti mirengaken piwucalipun. Ananging kawontenan punika mboten dipun remeni kaliyan tiyang Farisi lan para ahli Toret. Karana punika, Gusti Yesus ngendikan dhateng tiyang Farisi lan para ahli Toret punika bilih rawuhipun Putraning Manungsa punika kagem milujengaken sedaya tiyang dosa. Lumantar pasemon mendha ingkang ical, Gusti Yesus paring pangertosan bilih rawuhipun punika saperlu madosi tiyang dosa ingkang mratobat. Ingkang ndhasari Gusti Yesus nindhakaken prekawis punika karana Gusti Yesus nresnani sedaya manungsa. Badhe wonten kabingahan ageng ing swarga awit wonten tiyang dosa ingkang mratobat lan wangsul malih dhateng Gusti.
Lumantar paseksinipun Kitab Suci, kita saged mirsani karsanipun Gusti dhateng kita. Kita mangertos Gusti Yesus nimbali kita supados mratobat saking tumindak dosa lan duraka kita. Mangga kita tanggepi timbalanipun Gusti Yesus punika, srana tumindak gesang ingkang luhur lan nuwuhaken kasaenan salebeting gesang padintenen. Mekaten ugi ing wulan kitab suci punika, mangga kita raos-raosaken pangandikanipun Gusti lajeng kita tindakaken ing gesang kita. Mangga kita tansah sinau bab gesang lumantar paseksinipun Kitab Suci, awit saking kitab suci punika, kita saged mangertos margi tumuju gesang langgeng ing Gusti Yesus. Amin. [GRA].
“Kawilujengan sedaya tiyang punika tujuanipun Gusti rawuh, mila mekaten upadinen”