Waosan: Yokanan 21 : 1 – 19 | Pamuji: KPJ. 113 : 1 – 3
Nats: “Sawuse ngandika mangkono mau tumuli dhawuh marang Petrus: “Melua Aku!” (Ayat 19b).
Pokoke melu (melu sopo) yo melu kowe
Pokoke melu (melu ngopo) yo ngopo wae
Emoh ditinggal dewe, aku pingin ngetutke
Emoh neng omah dewe, melu, pokoke melu
Syair lagu ingkang boten wetah punika ngengetaken kita sami bilih tiyang ingkang nandhang wuyung punika boten saged kapisahaken kanthi gampang. Wujuding katresnan punika inggih kalebet gesang sesarengan wonten ing pundi kemawon.
Rasul Petrus ngrumaosi bilih piyambakipun kagungan katresnan ageng dhumateng Gusti Yesus. Nanging piyambakipun ngraosaken sedih rikala Gusti Yesus nakeni piyambakipun ngantos kaping tiga, “Apa kowe tresna marang Aku? Apa kowe dhemen marang Aku?” Sanadyan Petrus tansah mangsuli, “Inggih Gusti, Paduka mirsa, bilih kawula remen dhumateng Paduka.” (ay. 15-17), nanging punika benten kaliyan kasunyatanipun. Petrus ketingal wangsul malih nyambut damel pados ulam (ay. 3). Piyambakipun kesupen timbalan wiwitan lan boten tumemen mujudaken katresnananipun dhumateng Gusti Yesus. Gusti Yesus saged mirsani lan ngatag katresnanipun Petrus, amargi Gusti Yesus mbetahaken sakabat ingkang tumemen nglurhuraken Allah ing gesangipun (ay. 18-19). Pramila Gusti Yesus ing pungkasan pangatagipun dhateng Petrus, paring dhawuh, “Melua Aku!”.
Sok sintena kita ingkang ngakeni nggadahi katresnan ageng dhumateng Gusti Yesus, kedah ngilo dhateng Rasul Petrus. Bilih Rasul Petrus wangsul malih dados tiyang ingkang pados ulam sak bibaripun Gusti Yesus seda sinalib, nanging dipun engetaken katresnanipun supados netepi timbalan dados pra pangon mendhanipun lan tansah ndherek pangrehipun Gusti. Kados pundi ing gesang kita? Boten badhe nilar katresnan kita dhumateng Gusti Yesus? Sampun ngantos wonten ing kawontenan padintenan, kita rumaos boten prelu mujudaken katresnan kita dhumateng Gusti Yesus. Mujudaken katresnan dhumateng Gusti Yesus wonten ing gesang kita punika, kalebet wujuding raos sokur kita dhumateng Gusti, awit saking pakaryan kawilujenganipun kangge kita sami. Mangga ing salebeting manah kita, kita tansah ngudaneni, “Inggih Gusti, kawula tansah ndherek Paduka.” Pokoke melu! Amin. [tes].
“Gusti Yesus, mugi kawula tansah saged ndherek Paduka wonten ing pundi kemawon.”