Waosan: Yokanan 19 : 16 – 30 | Pamuji: KPJ. 120
Nats: “Sawise nyecep anggur kecut mau, Gusti Yesus tumuli ngandika: “Wus rampung!” Banjur ndhingklukake mastaka lan masrahake nyawane.” (Ayat 30).
Nalika kita remen midhangetaken tetembangan, tamtu kita saged nyumerepi bilih kathah sanget tetembangan ingkang paring cariyos bab katresnan. Kasunyatan ingkang kados mekaten paring pangertosan tumrap kita sami bilih katresnan punika bab ingkang penting sanget ing pigesanganipun para manungsa. Manungsa punika mboten saged nglampahi pigesangan kanthi jangkep bilih mboten saged nresnani utawi dipun tresnani.
Waosan kita ing dinten punika paring tuladha bab katresnan ingkang sampurna, inggih punika katresnan ingkang asalipun saking Gusti Yesus Kristus. Katresnan punika dados sampurna amargi dipun sarengi kaliyan kasetyan. Setya dhateng pribadi ingkang dipun tresnani sanajan ta kacoba dening maneka werna kasangsaran. Asring manungsa punika kesupen, bilih katresnan punika kedah dipun jagi lan dipun rimati lumantar kasetyan, supados manah punika tansah ngener ing pribadi ingkang dipun tuju. Kadosdene Gusti Yesus ingkang tansah setya kaliyan Gusti Allah minangka nglampahi tugas lan tanggeljawabipun dados sumbering kawilujengan. Katresnan ingkang mboten dipun sarengi kaliyan kasetyan mboten saged dipun wastani katresnan ingkang sampurna, nanging saged dipun wastani katresnan ingkang sembrono. Sembrono ujar tresna, nanging mboten nggadahi kasedyan kagem njagi lan ngramut katresnan punika, satemah katresnan punika saged muspra.
Para kekasihipun Gusti, pripun kaliyan katresnan kita dhumateng Gusti Allah? Punapa kita nggadahi katresnan ingkang sampurna kadosdene Gusti Yesus? Tegesipun katresnan ingkang dipun sarengi kaliyan kasetyan supados katresnan punika saged ta langgeng. Utawi, katrenan kita punika katresnan ingkang sembrono? Namung kembangipun lathi nanging mboten kairing dening kasetyan, satemah katresnan punika mboten tumemen lan gampil muspra? Bilih kita tansah mbudidaya katresnan ingkang sampurna, tamtu kita badhe tansah setya dhumateng Gusti Allah ing maneka werni kahanan. Kita mboten badhe nilar utawi nglirwakaken sadaya tugas lan timbalan kita, sanajan margi ingkang kita lampahi punika rumpil sanget. Mugi kita tansah setya amargi katresnan ingkang sampurna punika saged ngiyataken kita lan Gusti piyambak ingkang badhe paring tuntunan tumrap kita sami. Amin. [xie].
“Manungsa iku kanggonan sipating Pangeran.”