Waosan: Rum 12: 1 –8 ǀ Pamuji: KPJ. 154:1
Nats: “Kang iku para sedulur, marga saka sih-kamirahane Gusti Allah, aku pitutur marang kowe,padha nyaosna badanmu minangka kurban kang urip lan suci, sarta kang dadi keparenge Gusti Allah yaiku pangibadahmu kang sejati.” (Ayat 1)
Nalika kita nindakaken pangabekti dinten Minggu utawi patuwen brayat tamtunipun kita ugi ngaturaken pisungsung. Pisungsung punika saged arupi arta utawi barang. Nanging kados pundi menawi kita badhe ngaturaken pisungsung, kita mboten gadah arta kangge dipun pisungsungaken? Punapa kita ngaturaken pisungsung namung ing wanci-wanci tartamtu kemawon? Kados ing pangabekti Minggu, pangabekti brayat utawi unduh-unduh? Menawi ingkang kita galih bab pisungsung namung mekaten, estunipun kita mboten gadahi katah kesempatan atur pisungsung kagem Gusti. Kamangka sejatosipun katah sanget ingkang saged kita aturaken minangka pisungsung kagem Gusti, mboten winates ngaturaken pisungsung arupi arta lan barang kemawon.
Rasul Paulus ing seratipun dhateng pasamuan Rum ngengetaken dhateng kita bilih badan lan gesang kita punika kawastanan pisungsung ingkang sejati kagem Gusti. Mboten namung badan jasmani kemawon, nanging ugi gesang ingkang dipun landesi manah ingkang tansah mujudaken patunggilan kaliyan Gusti lan sesami, punika wujud pisungsung kita ingkang sejati.
Ing wulan Penciptaan punika, kita dipun engetaken malih, Gusti Allah nitahaken manungsa punika miturut gambarIpun piyambak. Manungsa kaparingan bakat lan talenta ingkang mawarni-warni. Sarana bakat lan talenta punika, mangga kita aturaken dhumateng Gusti minangka pisungsung gesang kita. Mekaten ugi kita purun leladi dhumateng Gusti lumantar pasamuwanipun, tansah ngluhuraken Asmanipun Gusti Allah. Sedaya punika saged dados wujud pisungsung gesang kita kagem Gusti.
Kita dipun timbali dados rencang damelipun Gusti Allah, mujudaken sih rahmat-Ipun ing donya. Karana punika, mangga kita sami ngestoaken timbalanipun Gusti Allah punika. Sampun ngantos kita ajrih, awit ningali punapa ingkang dados kakirangan kita, nanging sumangga kita purun ngaturaken badan lan gesang kita kagem Gusti. Mangga kanthi manah ingkang tulus, punapa ingkang dados kawontenan gesang kita sami kita pasrahaken dhumateng Gusti Allah minangka pisungsung ingkang adi. Amin. [ASN].
“Pasrah sawetah ing manah, Gusti mesthi mberkahi.”