Waosan: Yokanan 18 : 33 – 37 ǀ Pamuji: KPJ. 452 : 2
Nats: “Gusti Yesus mangsuli: Kraton Kula boten saking donya punika; manawi kraton Kula saking donya punika, mesthi tiyang-tiyang Kula sami lumawan ing perang, supados Kula sampun ngantos kaulungaken dhateng tiyang Yahudi nanging kraton Kula boten saking ngriki.” (ayat 36).
“Pancen nrenyuhaken sanget!” atur kula nalika ningali sidang prakara pak Basuki Tjahaja Purnama (BTP). Raos trenyuh punika boten saking keputusan Hakim ingkang ngukum pak BTP kanthi paukuman kunjara, nanging sikap sarta tumindakipun pak BTP ingkang gadhahi sikap wantun lan tertib ngadhepi persidangan punika senadyan ta dipun kupengi tiyang katah ingkang boten remen piyambakipun. Sikap pak BTP punika dados conto ingkang nyata bab “jiwa satriya”. “Lho tapi pak BTP iku lak tetep diukum?” Leres, malah punika ingkang miturut kula pribadi, piyambakipun nyumurupaken jiwa satriya. Piyambakipun purun nampi kanthi lembah punapa kemawon keputusan saking Hakim, senadyan ta kaukum, nanging piyambakipun boten ngasoraken liyan.
Ing waosan kita nyariosaken Gusti Yesus Kristus ingkang kaanggep salah dening para tiyang Yahudi, nanging Gusti Yesus boten mlajeng saking persidangan! Gusti Yesus kanthi jiwa satriya wantun ngadhepi tuntutan-pitakenan saking Pilatus. Wangsulanipun Gusti Yesus dhateng Pilatus mawi basa krama alus, ingkang ateges Gusti Yesus estu boten ngasoraken tiyang sanes ingkang ngadili Panjenenganipun. Sanadyan ta Gusti Yesus piyambakan, ananging Gusti Yesus kersa nampi paukuman ingkang kaputusaken kanthi lembah. Sedaya punika kalampahan kangge netepi pameca bilih Putraning Manungsa kedah nglampahi sangsara, sarta dipun tampik dening para pinituwa, para imam, lan para ahli Toret, banjur dipun sedani lan sasampunipun tigan dinten wungu maneh. Sedaya punika namung kangge kawilujenganipun para umat pitados.
Kita punika inggih perlu sinau jiwa satriya saking tuladha Gusti Yesus punika. Sanadyan kita asring ngalami tumindak ingkang boten adil, kathah tiyang ingkang nyengiti kita, kita sami kaajak supados tansah nggadhahi sikap jiwa satriya kanthi alandhesan kayekten. Sumangga kita wantun ngadepi sedaya prekawis ing gesang punika kanthi setya tuhu dhumateng Gusti Yesus. Sampun rumaos ajrih lan sumelang, awit kita pitados bilih Sang Roh Suci tansah ndayani kita nindakaken kayekten kanthi manah ingkang manteb. Amin. [mojo]
“Nglurug tanpa bala, menang tanpa ngasorake.”