Manut ing Sang Roh Pancaran Air Hidup 1 Oktober 2021

1 October 2021

Waosan: Rum 8 : 1 – 11 | Pamuji: KPJ. 357
Nats:
“Awitdene pangangen-angene daging iku pati, balik pangangen-angene Sang Roh iku urip lan tentrem-rahayu.” (Ayat 6).

Asring kita kepanggih kaliyan tiyang ingkang kagungan identitas sae ananging tumindakipun mboten ngetingalaken identitas ingkang dipun sandhang. Contonipun wonten tiyang ingkang identitas-ipun dados menteri, gubernur, bupati utawi abdinipun masyarakat, ananging piyambakipun nindakaken korupsi. Wonten gesang kita sadinten-dinten, kita saged manggihaken tiyang ingkang identitas-ipun dados kepala keluarga utawi ibu rumah tangga, ananging tumindakipun asring mboten peduli kaliyan kawontenan brayatipun. Kasunyatan ingkang kados mekaten punika, tamtunipun saestu damel kaprihatosan. Kamangka, wonten ing sedaya cara, Gusti Allah sampun maringi pirsa bab identitas kita, inggih punika para putranipun Gusti Allah. Mekaten ugi Kitab Suci maringi pangertosan kangge kita bab-bab karsanipun Gusti ingkang kedah nyata wonten ing gesang punika.

Waosan dinten punika nedahaken identitas kita, inggih punika tiyang ingkang sampun dipun-luwari saking dosa lan pati namung karana katresnanipun Sang Kristus, Gusti. Minangka tiyang ingkang sampun nampi sih rahmat lan kawilujengan saking Gusti Allah, gesang kita kedah lumampah lan manut wonten ing Sang Roh. Kanthi kasetyan, kita nindakaken karsa lan piwucalipun Sang Kristus. Awit sedaya karsa sarta piwucalipun Sang Kristus punika ngener dhateng bab-bab ingkang nuwuhaken gesang, kawilujengan, lan tentrem-raharja. Karana punika bab-bab ingkang mboten nyondhongi kaliyan Sang Roh kedahipun mboten katon malih ing salebeting gesang kita minangka para putranipun Gusti Allah.

Dados cetha bilih kita punika dados putranipun Gusti Allah. Identitas punika ingkang kedah kita mangertosi anggenipun kita nindakaken gesang sadinten-dinten lan mangun sesambetan kaliyan liyan. Sarana identitas punika, kita kedah ngupadi swasana ingkang nuwuhaken paseduluran, mbeta kabingahan, ajen-ingajenan, wigati tumrap kabetahanipun liyan, sarta kebak katresnan. Kita ugi purun nindakaken pakaryan ingkang elok, pamanggih ingkang positif sarta kebak kawicaksanan. Mangga kita mangun gesang paseduluran, kanthi pitados bilih kita manut ing Sang Roh, sesambetan ingkang kita upadi badhe nuwuhaken berkah kangge sesami lan alam donya punika. Amin. [garlic].

 “Namung wonten satunggal cara, manuta ing Sang Roh.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak