Mbangun Iman Pancaran Air Hidup 27 September 2021

27 September 2021

Waosan: Zakharia 6 : 9 – 15 | Pamuji: KPJ. 199
Nats: “Lan prakara iki bakal kelakon, menawa kowe padha ngrungokake swarane Pangeran Yehuwah Allahmu kalawan temenan.” (Ayat 15b).

Mboten sekedik warga pasamuwan ingkang gadhah pemanggih lan rumaos seneng manahipun bilih saged ngabekti ing salebeting bangunan greja ingkang sae, ageng, megah lan sedaya fasilitasipun komplit. Pemanggih punika mboten lepat. Ananging ingkang dados pitakenan punapa bangunan greja ingkang ageng lan sae punika ugi sebanding kaliyan iman kapitadosanipun warga pasamuwan? Kadang bangunan grejanipun ageng, cacahipun warga kathah nanging ingkang purun ngabekti namung separo saking cacahipun warga punika, malah kalamangsanipun mboten wonten separo.

Ing salebeting reruntuhan Yerusalem lan padaleman sucinipun Pangeran Yehuwah ingkang risak ndadosaken bangsa Israel rumaos lingsem lan semplah ing manah awit padaleman suci punika dados punjering pangibadah umat. Pramila, padaleman suci Sang Yehuwah kedah dipun bangun malih. Sinten ingkang badhe miwiti mbangun? Dhumateng nabi Zakharia Sang Yehuwah paring sabda: sepisan, supados narik pisungsung saking Heldai, Tobia, lan Yedalya para tiyang ingkang wangsul saking pambuwangan ing Babil. Kaping kalih, Zakharia damel makutha saking salaka lan mas ingkang dipun trepaken dhumateng Imam Agung Yusak bin Yozadak. Katiga, wonten priya ingkang asmanipun Sang Trubusan ingkang badhe mbangun padaleman suci Sang Yehuwah. Sekawan, tiyang-tiyang saking katebihan ugi badhe ndherek nyengkuyung mbangun padaleman suci punika. Sedaya proses pembangunan kala wau saged kelampahan ujer nabi Zakharia lan tamtunipun ugi sedaya umat Israel purun mirengaken Sabdanipun Pangeran Yehuwah kalawan temenan.

Nglampahi gesang ing alam donya ingkang kebak maneka warni kawontenan, saben tiyang kedah mbangun iman utawi kapitadosan ingkang rosa. Kanthi iman utawi kapitadosan ingkang rosa tamtunipun kita saged ngadhepi maneka warni kawontenanipun donya (bingah, sisah, gagal, berhasil lsp). Sedaya punika saged kasembadan anggen kita purun mirengaken Sabdanipun Pangeran Yehuwah srana maos kitab suci, srana prastawa alam, srana peduli dhumateng sesami kalawan temenan. (Sugimbul).

“Thukuling pracaya sajroning panganiaya lan marga saka maca kitab suci.” (2 Timoteus 3:10-17)

Renungan Harian

Renungan Harian Anak