Macbeth Dados Prabu Pancaran Air Hidup 19 September 2021

19 September 2021

Waosan: Markus 9 : 30 – 37 | Pamuji: KPJ. 136
Nats:
“Nanging kabeh padha meneng bae, sabab nalika ana ing dalan mau padha padudon bab sapa kang dhuwur dhewe ana ing antarane para sakabat iku.” (Ayat 34).

Macbeth (1005-1057) punika ksatria trahipun tiyang luhur utawi panggedhe ingkang manggen ing kadhaton Dunsinane, Perth, Skotlandia. Piyambakipun dados jendral ingkang leladi dhateng Prabu Duncan. Macbeth punika kagungan ambisi dados Prabu ing Skotlandia. Wonten ing salah setungaling dinten, Macbeth mireng saking juru ramal, “Macbeth, sira bakal dadi Prabu.” Pameca kalawau dipun tampi kanthi rancangan badhe mejahi Prabu Duncan. Keleresan, Prabu Duncan nyipeng wonten ing kadathon Macbeth. Benjangipun, Skotlandia geger amargi Prabu Duncan seda, ingkang mejahi taksih misterius, pungkasanipun Macbeth dados Prabu ing Skotlandia. Nanging, saben dalu Macbeth nandhang sangsara, amargi mireng swanten, “Aja turu! Macbeth aja turu!”. Sangsaya nyuwun pituduh marang juru ramal, Macbeth sangsaya bingung lan boten ayem manahipun.

Ambisi punika saged dados kakiyatan kangge mbangun ugi saged kangge ngremuk. Ambisi ingkang sae saged dados ambisi ingkang ala sarta duraka. Ing kahanan ingkang mekaten punika, manungsa kedahipun ngereh ambisi, sampun ngantos kadadosan ambisi ingkang ngendaleni manungsa. Kados dene para sakabat ingkang gadhah ambisi dados ingkang inggil piyambak ing antawisipun para sakabat. Saking carios punika, terang bilih para sakabat dereng saged ngereh ambisi anggenipun ndherek sarta leladi Gusti Yesus. Prekawis punika dadosaken padudon ing antawisipun para sakabat. Selajengipun Gusti Yesus ngendika, ”Sing sapa kapengin dadi pangarep, iku dadia kang keri dhewe lan dadia paladene wong kabeh.” (ay. 35).

Menawi kita boten ngereh ambisi, kita saged tumindhak ingkang boten cundhuk kaliyan kayekten sarta budi kang wicaksana. Gusti Yesus sampun paring tuladha bilih kita kedah kados bocah cilik, ingkang kagungan pikiran ingkang prasaja, boten ngarah marang kang dhuwur-dhuwur. Amargi punapa? Karana ndherek Gusti Yesus punika boten ateges kita badhe nampi kabingahan kemawon, ananging saged ugi kita nampi kasangsaran. Lan amargi punika, kita prelu andhap asor kados dene Gusti Yesus ingkang lelados kanthi manah ingkang tulus. (ardien).

 “Ambisi saged dados cidra, saged dados berkah kang sembada.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak