Gratifikasi Pancaran Air Hidup 17 September 2021

17 September 2021

Waosan: 1 Para Raja 13 : 1 – 10 | Pamuji: KPJ. 125 : 1, 3
Nats:
“Sakwuse mangkono Sang Prabu tumuli ngendika marang abdining Allah mau: “Sumangga sesarengan kaliyan kula dhateng ing kraton, kula aturi nungtumaken sarira panjenengan, saksampunipun punika panjenengan badhe kula caosi atur-atur.” (Ayat 7).

Ing waosan kita punika, kacariyosaken rikala Sang Prabu Yerobeam, ratuning Israel saweg jumeneng kambi mbesmi korban, lajeng wonten satunggaling abdinipun Allah saking Yehuda ingkang nguwuh-uwuh dhumateng misbyah ngaturake nubuat badhe lairipun Josia tedhakipun Dawud ingkang badhe ngancuraken misbyah dalasan imam-imaming reca pedhet mas (I Para Raja 12:28,29; 13:2). Rikala Sang Prabu Yerobeam pirsa, lajeng piyambakipun ngathungaken astanipun prentah, “cekelen wong iku!” Sakala astanipun mboten saged dipun tekuk malih saha misbyah punika saestu bengkah. Sang Prabu lajeng nyuwun pangapunten. Sareng saras malih, abdipun Allah punika kaundhang badhe kaaturan “atur-atur” dening Sang Prabu. Abdinipun Allah punika nolak kanthi sereng, malah ngendika: sanajan sepalihing kedhaton kaparingaken, piyambakipun mboten badhe mampir lan ngombe ing kedhatonipun Sang Prabu (ayat 8-9). Awit Gusti Allah mboten marengaken. Punika ing zaman samangke ingkang kasebat gratifikasi, ingkang saged dados salah satunggaling jinis korupsi.

Gratifikasi inggih punika paweweh kanthi artos ingkang wiyar tebanipun, awujud arta, hadiah, rabat, utangan tanpa anakan, tiket, biaya nginep, wisata, pengobatan gratis, ingkang nguntungaken kekalihipun sae ingkang maringi lan ingkang dipun paringi. Ingkang kalarang inggih punika ingkang mboten wajar lan mboten pantes, karana sesambetan kaliyan jabatanipun, punika lelawanan kaliyan kewajiban miwah tugasipun. Paweweh ingkang mekaten punika saged kawastanan suap ingkang katundha utawi “suap terselubung”, oyoting korupsi, awit kakuwatosaken saklajengipun dados korupsi, tumindak ingkang mboten adil, mboten obyektif lan ngrisak sendhi-sendhining gesang bebrayan. Pinten kathahipun pejabat lan aparat ingkang katangkep lan kinunjara karana gratifikasi ingkang mekaten punika. Ananging menawi paweweh utawi peparing kalawau karana suka sukoring manah, kaparingaken kanthi ekhlas tanpa pamrih saha wajar-wajar kemawon, langkung-langkung menawi karana kepengin tetulung, tamtu mboten saged kalebetaken gratifikasi jinising korupsi. Malahan punika ingkang dados timbalan kita. (BRU).

 “Tumindak lan paweweh kanthi ekhlasing manah miwah sepi ing pamrih saha mijil saking sih katresnan punika ingkang ambeta berkah.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak