Pameca Pancaran Air Hidup 13 September 2021

13 September 2021

Waosan: 1 Para Raja 13 : 1 – 10 | Pamuji: KPJ. 369 : 1, 3
Nats:
“Misbyahe uga tumuli bengkah, awu kang ana dhuwure wutah, cocog karo pratandha kaelokan kang dikandhakake dening abdining Allah marga saka dhawuhe Pangeran Yeuhuwah mau.” (Ayat 5).

Nalika mirsani yoganipun jaler ingkang taksih alit menek wit jambu ing ngajeng griya, ibunipun lajeng dhawuh, “Nak kowe mengko tiba lho…” Pranyata leres, boten dangu saking anggenipun ibu punika dhawuh, lare kalawau lajeng “mak bleg” dhawah ing siti. Ibunipun kaget lan enggal-enggal murugi anakipun saperlu paring pitulungan. Makaten ingkang asring kalampahan, dhawuhipun ibu dhateng yoga asring tumus kalampahan. Kenging punapa saged makaten? Amargi ibu minangka tiyang sepuh adatipun kagungan kawicaksanan, saged mirsani satunggaling pandamel lan akibatipun. Kejawi punika ugi cetha bilih ingkang dipun lampahi yoganipun punika pancen bebayani lan saged ndhatengaken kacilakan.

Makaten ugi ingkang kacariosaken ing waosan kita dinten punika. Nalika Gusti Allah mirsani bilih Yerobeam, raja ing Yehuda, boten setya bekti dhateng Panjenenganipun srana ngawontenaken tata-pangibadah miturut pikajengipun piyambak. Gusti Allah lajeng ngutus abdinipun kapurih paring pameca. Abdipun Allah punika lajeng paring dhawuh dhateng Yerobeam, “Lah bakal ana turune Dawud kang lair, jenenge Yosia. Iku bakal nyembeleh ana ing dhuwurira imam-imam tengger pangurbanan kang ngobong kurban ana ing dhuwurira, uga balung-balung manungsa bakal diobong ana ing dhuwurira.” (ay. 2). Pranyata Raja Yerobeam boten purun nilar pandamelipun ingkang lepat kalawau satemah kasirnakaken saking salumahing bumi.

Gusti Allah Maha Wicaksana, sedaya ingkang dados dhawuh katetepanipun mesthi leres, sae, lan kalaksanan. Awit saking punika, sedaya ingkang dipun karsakaken dening Gusti kedah kita lampahi supados manggih kawilujengan. Kosok wangsulipun, sedaya ingkang boten dipun kersakaken dening Gusti kedah kita tebihi supados boten nemahi kacilakan. Pramila saking punika sumangga sami ngudi murih kita sansaya mangertos ingkang dados karsanipun Gusti. Lan salajengipun ugi ngudi supados kita sansaya saged nglampahi karsanipun Gusti punika wonten pigesangan sadinten-dinten. (esje).

 “Pangandika Paduka punika dilah wonten ing ngajenging suku kawula.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak