Uwal saking Pati Pancaran Air Hidup 11 September 2021

11 September 2021

Waosan: Jabur 116 : 1 – 9 | Pamuji: KPJ. 123 : 1 – 2
Nats:
“Pangeran Yehuwah iku asih mirma lan adil, Gusti Allah kita iku ambek welasan.” (Ayat 5).

Manungsa asring rumaos ajrih ngadepi gesangipun, awit gesangipun manungsa punika kebak reridu dan pacoben. Reridu dan pacoben punika saged murugaken manungsa tebih saking Gusti Allah lan dumawah ing margi ingkang peteng. Pamanggihipun margi ingkang peteng punika saged ndugiaken kabingahan. Manungsa kesupen bilih margi peteng punika murugaken manungsa sansaya tebih saking Gusti Allah lan dadosaken manungsa pejah langgeng. Namung Gusti Yesus ingkang saged maringi kita gesang langgeng. Pramila ing sadengah prekawis gesang, kita kedah nyelak dhumateng Gusti Yesus.

Juru Mazmur ing waosan kita kados-kados ngalami gesang ingkang awrat sanget. Piyambakipun ngrumaosi bilih boten gampil ngadepi kasangsaranipun. Piyambakipun boten gadah daya kangge ngawonaken kasisahanipun. Ananging wonten satengahing kawontenan ingkang kados makaten, piyambakipun saged ngraosaken kakiyatan saking Gusti Allah, ingkang maringi kadigdayan kangge mrangguli momotan gesangipun. Ngantos kagambaraken piyambakipun kauwalaken saking bebandaning pati. Karana punika, Juru mazmur ngajak dhateng kita supados pitados dhumatheng Gusti. Namung Gusti ingkang saged mitulungi kasisahan kita. Pramila sampun ngantos kita uwal sesambetan kaliyan Gusti. Waosan kita sampun nggambaraken kadospundi ingkang mokal katindakaken dening manungsa, boten wonten ingkang mokal kagem Gusti Allah.

Kathah prekawis ingkang sampun kadadosan ing gesang kita. Langkung-langkung pandemi Covid-19 sampun murugaken gesang kita sisah. Kita kecalan tiyang-tiyang ingkang kita tresnani. Kita ugi kecalan kabingahan ing satengahing brayat, ing panggenan kita nyambut ndamel lan sakpanunggalipun. Ing gesang saklajengipun, kita boten saged nyumerepi punapa malih ingkang badhe kadadosan. Ananging sinau saking waosan kita ing dinten punika, sumangga kita pitados namung dhumateng Gusti. Bebandaning pati kemawon saged kauwalaken dening Gusti, punapa malih prekawis ing jagad punika, malah dados prekawis ingkang sepele kagem Gusti. Sumangga kita sami nyuwun tulung namung dhumateng Gusti lan pitados bilih pitulunganipun Gusti ingkang murugaken kita, kebak karahayon lan kabegjan. (Life).

“Namung marginipun Gusti ingkang mbekta kita dhateng karahayon lan kabegjan.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak