Waosan: Lelakone Para Rasul 7 : 9 – 16 | Pamuji: KPJ. 124 : 1, 3
Nats: “… nanging Gusti Allah nunggil kaliyan piyambakipun, sarta dipun luwari saking sakathahing sengsaranipun saha kaparingan sih rahmat tuwin kawicaksanan, …” (Ayat 9b-10).
Sejarah pakaryaning Gusti Allah tumrap umat kagunganipun saestunipun inggih sejarah pangluwaran. Mekaten kotbahipun Stefanus ing sak ngajenging pradataning Agami Yahudi. Kawiwitan tinimbalanipun Bapa Abraham, kalajengaken para leluhur, Iskak, Yakub, Yusuf lan saklajengipun Nabi Musa ingkang mimpin bangsa Israel lumampah ing ara-ara samun, kalajengaken Josua lumebet Tanah Kanaan. Ingkang nyedhihaken, karana drengki-srei lan wangkot, makaping-kaping bangsa punika lampahipun nyimpang ing margi ingkang mblasar. Sokur Gusti Allah tetep setya ing prasetyanipun. Wongsal-wangsul Panjenenganipun ngluwari, saha maringi pepaken supados umatipun punika lumampah ing margiNipun. Ewa semanten umat punika tetep mboten setya. Sampun pinten kathahing nabi-nabi ingkang kaaniaya ngantos nemahi seda, ngantos ing zamanipun Stefanus. Mila Stefanus ngatag tiyang-tiyang Yahudi punika sami mratobat.
Dinten punika, dinten kamardikaning bangsa lan negari Indonesia ingkang kaping 76. Mboten saged kaetang pangorbananipun para pahlawan ingkang berjuang kanthi gigih ngrebat miwah mbelani kamardikan punika. Kamardikan punika tamtu peparingipun Gusti piyambak ingkang ngersakaken kita bangsa Indonesia saged anjog ing negari ingkang tata tentrem kerta raharja. Sampun sakmestinipun menawi kedah kaisi pembangunan sakwetahipun. Presiden mbaka presiden gilir gumantos mimpin negari punika. Pejabat lan aparat kaangkat wiwit saking pusat dumugi daerah-daerah lan kasumpah supados mujudaken kaadilan lan kamakmuraning bangsa. Ananging iba kathahipun ingkang sami nglirwakaken sumpah lan prasetyanipun punika. Sareng nyepeng panguwaos, prasetyanipun sami kados beluk ingkang kasempyok ing angin, ambyar tanpa sisa: nyalah-ginakaken panguwaos, korupsi, namung mbujeng kapentingan piyambak kemawon. Mekaten ugi rakyatipun ingkang tansah kisruh lan nyinyir mboten wonten mendelipun. Sedaya sami mboten gampil nampi kritik, malah para penganut agami ingkang nggadhahi timbalan kenabian ugi mboten gampil nampi kritik, langkung-langkung otokritik utawi ngritik badhanipun piyambak. Saengga, kadosdene pangandikanipun Ibu Megawati, ngantos ing wekdal punika Indonesia taksih maju-mundur kados undur-undur. Ing satengahing kawontenan punika, punapa ingkang saged kita sumbangaken minangka GKJW kangge ngisi kamardikan punika? (BRU).
“Kamardikan minangka modal ageng kangge mbangun dinten ngajeng”