Nulungi Ingkang Ringkih Pancaran Air Hidup 5 Agustus 2021

5 August 2021

Waosan: Roma 15 : 1 – 6 | Pujian: KPJ. 448
Nats:Anadene kita kang padha santosa, wajib nyabari karingkihaning wong kang ora santosa, lan aja ngupaya kasenengan kita dhewe.” (Ayat 1).

Zaman tansaya majeng, teknologi tansaya canggih, mekaten ugi persaingan gesang ugi tansaya ndadra. Mboten lepat, bilih zaman punika majeng, mboten lepat menawi teknologi punika canggih, ananging menawi mboten dipun imbangi kaliyan moral lan mental ingkang sae, punika ndadosaken gesangipun manungsa namung mikiraken badhanipun piyambak. Mboten peduli kaliyan kasisahan lan kaprihatosanipun tiyang sanes.

Wonten ing waosan kita, Rasul Paulus ngatag dhumateng pasamuwan ing kitha Rum supados santosa nyabari lan paring pambiyantu dhumateng ingkang ringkih. Kenging punapa Rasul Paulus perlu ngatag pasamuwan Rum kados mekaten? Saged kemawon sawetawis gesangipun warganing pasamuwan taksih kapilut gebyaring kitha Rum ingkang sampun dados kitha megapolitan kala semanten. Saged ugi gesang namung nguber kasenenganipun piyambak, mboten mikiraken tiyang ingkang nandhang kasisahan, kaprihatosan, lan mboten saged nyabari kawontenanipun tiyang ringkih. Kados pundi saged nyabari kawontenanipun tiyang ringkih menawi tiyang punika namung mikiraken kasenenganipun piyambak. Tamtu mboten gadug penggalihipun.

Sumangga kita sabar ningali kawontenan ing sakkiwa tengen kita, kanthi sabar sareh, lan kebak katresnan, kita paring pambiyantu dhumateng sesami kita ingkang ringkih, nandhang kaprihatosan, lan kasisahan. Pancen tumindak sabar punika mboten gampil, punapa malih ingkang kedah kita sabari lan tulungi tiyang ringkih. Ing kawontenan ingkang mekaten punika sumangga kita dados mitranipun. Purun mirengaken pasambatipun, ngiyataken manahipun tumuntun saged tangi lan mitulungi badhanipun piyambak.

Patrap gesangipun tiyang pitados inggih punika, sangkul-sinangkul ing bot repot, tulung-tinulung antawis setunggal lan setunggalipun, ngudi karukunan amrih raharjaning praja. Imanipun tiyang pitados, senaosa ing satengahing gebyaring donya tetep andhap asor, tansah kemutan bilih gesang punika namung sawetawis, gesang punika kagunganipun Gusti. Kangge kita, para tiyang pitados menawi kita nggadhahi kekiyatan dan panguwaos, mangga punika kangge lelados dhateng sesami. (Djian).

 “Kang santosa wajib mitulungi kang ringkih”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak