Waosan: Roma 15 : 22 – 33 | Pamuji: KPJ. 170
Nats: “Lan aku sumurup, yen anggonku tilik kowe iku bakal nggawa lelubering berkahe Sang Kristus.” (Ayat 29).
Ing salebeting gesang padintenan, saben tiyang tamtunipun rumaos remen lan bingah bilih dipun tuweni dening seduluripun. Sae punika sedulur saking brayat, sedulur tunggil pitados, rencang nyambut damel, rencang sekolah, lsp. Semanten ugi ing salebeting gesang pasamuwan, sedaya warga pasamuwan ugi rumaos remen lan bingah bilih dipun tuweni dening Pandita lan majelising pasamuwan. Mliginipun nalika nandhang sakit, nggadhah pergumulan ingkang awrat, lan ing sadhengah kahanan. Sarana patuwen Pandita saged mangertos punapa ingkang dipun raosaken dening warga, saged mangertos punapa ingkang dados kabetahanipun warga, sarta saged pikantuk usul saran ingkang sae kangge mbangun pasamuwan. Mekaten ugi warga pasamuwan rumaos dipun gatosaken, dipun mirengaken lan dipun kiyataken nalika dipun tuweni dening Pandita lan majelising pasamuwan.
Ing waosan dinten punika, Rasul Paulus paring tuladha kangge kita bab wigatinipun patuwen. Piyambakipun negesaken pepinginanipun kangge nuweni pasamuwan ing Rum ananging dereng saged kalaksanan awit piyambakipun taksih ngadhepi pepalang (ayat 22-28). Paulus pitados bilih patuwenipun punika dados sarana lubering berkahe Sang Kristus (ayat 29). Karana taksih ngadepi pepalang, Paulus namung saged nyuwun pasamuwan ing Rum sami nyengkuyung ing pandonga supados piyambakipun kauwalaken saking tiyang ingkang mboten mbangun turut, supados peladosanipun saged katampi kanthi sae lan saged nuweni kanthi sukarena (ayat 30-33).
Cariyos pandita, majelising pasamuwan lan Rasul Paulus ingkang ngupaya nuweni warga pasamuwan punika sanes cariyos dongeng kemawon. Punika cariyos nyata ing salebeting gesang pasamuwan. Saking cariyos punika cetha sanget bilih patuwen punika dados salah satunggaling peladosan ingkang wigati lan penting sanget. Awit lantaran patuwen kita saged nyumurupi kawontenanipun warga pasamuwan, saged nyengkuyung pandonga, paring kakiyatan lan panglipuran dhateng para warga lan ing pungkasanipun patuwen punika saged dados lantaran lubering berkahing Gusti Allah dhumateng kita sedaya. (Sugimbul).
“Warga pasamuwan ora cukup mung dikotbahi nanging yo kudu dituweni”