Gusti Allah Boten Sare Pancaran Air Hidup 21 Juli 2021

21 July 2021

Waosan: 2 Samuel 5 : 1 – 12 | Pamuji: KPJ. 433
Nats:
“Sang Prabu banjur manggretos, yen Sang Yehuwah wis netepake panjenengane dadi ratune Israel lan ngluhurake paprentahane marga saka Israel, umat kagungane.” (Ayat 12).

Kacariosaken wonten piyantun asmanipun BTP utawi Ahok. Piyambakipun saking Belitung Wetan, agaminipun Kristen, lan keturunan Tionghua. Piyambakipun saged dados Bupati ing Kabupaten Belitung Wetan malah saged dados Gubernur DKI Jakarta. Kita sami mangertos bilih Jakarta punika kota metropolitan ingkang asring ngalami banjir saben taun, macet, kathah premanipun ananging sedaya kalawau saged dipun kawonaken kaliyan Ahok. Sedaya ingkang kadosipun mokal, saged dipun adepi Ahok. Kakiyatan punapa ingkang dipun gadhahi kaliyan Ahok?

Waosan kita wekdal punika saged dados pasinaon kangge kita. Dawud kapiji dening Gusti Allah dados Raja Israel gantos Saul. Ing wiwitan, sedaya kaanggep mokal, awit Daud mboten gadahi kriteria dados Raja, mboten gadah pengalaman, lan taksih nem sanget. Ananging Gusti Allah pirsa bilih Dawud punika tansah setya tuhu sarta netepi karsanipun Gusti. Menawi Gusti Allah sampun miji, Gusti Allah tamtu mboten badhe nilar umatipun. Gusti Allah tamtu njangkepi Dawud ingkang taksih kaanggep ringkih kaliyan tiyang kathah. Gusti Allah tansah nyekapi sedaya kabetahanipun.

Mekaten ugi tumrap kita sedaya minangka tiyang pitados. Sedaya prekawis ing pigesangan kita sumangga kita pasrahaken namung wonten ing ngarsanipun Gusti Allah. Bilih sekedap malih kita badhe nindakaken dauran pinitua lan diaken, kita pitados sintena kemawon ingkang kapiji, Gusti Allah piyambak ingkang miji. Gusti Allah miji kita boten karana kita punika sugih, pinten, istimewa sacara tata kamanungsan, nanging Gusti Allah pirsa manah lan gesang kita ingkang sumadya leladi kagem Gusti. Pramila, kita kedah pitados bilih Gusti Allah mboten nate sare. Gusti Allah tamtu tanggeljawab kaliyan sedaya pakaryanipun. Sampun ngantos ajrih, mangu-mangu punapa malih mundur bilih kita kapiji dados abdinipun Gusti. Panjenenganipun tansah ngiyataken lan njangkepi peladosan kita. Sanyatanipun, Gusti Allah tansah nganthi lan mberkahi kita. Saestu Gusti Allah boten sare! (Fan-3).

“Gusti nuntun kawula amrih tansah manut Paduka. Nadyan ribet gilir gumanti tamtu kula kedugi nyanggi.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak