Waosan: Yeremia 16 : 14 – 21 | Pamuji: KPJ. 446
Nats: “Dhuh Sang Yehuwah, Paduka punika karosan lan benteng kawula, pangungsen kawula ing dinten karibedan!” (Ayat 19a).
Ing mangsa pandemi sak punika, mboten sekedik rencang utawi para sederek kita ingkang ngraosaken kasisahan, mekaten ugi kita ngraosaken kasisahan. Wonten ingkang sisah jalaran katilar dening pribadi ingkang dipun tresnani wangsul ing zaman kelanggengan. Wonten ugi ingkang nandhang karibedan amargi pakaryan ingkang dipun ayahi mboten lancar, kenging dampak saking pandemi. Ugi wonten ingkang rumaos sedih amargi mboten saged nyambangi brayat utawi sederekipun ingkang tebih. Salebeting kahanan ingkang kados mekaten, kita para manungsa soyo nyumerepi bilih pigesanganipun manungsa punika ringkih lan mbetahaken pitulungan sarta kakiyatan saking Gusti Allah satemah saged nglajengaken pigesangan klayan pangucap sokur.
Waosan kita ing dinten punika nyariyosaken Gusti Allah ingkang tansah setya tumrap manungsa. Katitik ing prastawa ingkang kalampahan dening Bangsa Israel, sanajan Bangsa Israel punika asring mbalela, nanging Gusti Allah tansah paring piweling supados Bangsa Israel tansah nyelak ing ngarsaNipun. Lumantar Nabi Yeremia, Gusti Allah tansah ngengetaken Bangsa Israel bilih kakiyatan ingkang sayekti, ugi pitulungan ingkang tanpa pungkasan punika, namung wonten ing dalem Asma Gusti Allah Sang Rama. Bilih manungsa punika purun nyelak, lajeng mangun hubungan ingkang raket kaliyan Gusti Allah, tamtu Gusti Allah tansah paring kakiyatan lan pitulungan ingkang sampurna.
Gesangipun manungsa punika mboten wonten ingkang luput saking karibedan, kasisahan, sarta kasedihan, mekaten ugi gesang kita sami. Kamanungsan kita tamtu rumaos was sumelang, nanging ing iman kapitadosan, kita sami nyumerepi bilih Gusti Allah tansah paring pangayoman. Ing sadhengah kahanan kita mboten badhe mlampah piyambakan, nanging wonten Astanipun Gusti Allah ingkang tansah nganthi. Sumangga kita sami nyelak ing ngarsanipun Gusti, nyadhong berkah lan pitulungan supados kita sami kiniyataken lan saged nglangkungi maneka werni momotan ing salebeting gesang. (xie).
“Nadyan susah lan sangsara, aja mundur ing pracaya”