Waosan: Yehezkiel 3 : 1 – 11 | Pujian: KPJ. 161
Nats: “Pangandikane marang aku: “He, anaking manungsa, lungaa, turune Israel temonana lan dhawuhana pangandikaningSun.” (Ayat 4).
Watawis tahun 1980-an, wonten pengangkatan guru-guru SD Negeri ingkang dipun tugasaken wonten ing daerah-daerah pelosok ing sakindenging tlatah Indonesia. Wonten ingkang nampi timbalan kalawau kanthi legawaning manah awit ngrumaosi punika timbalan peladosan minteraken putraning bangsa lan lelabet kangge bangsa lan negari. Ewa semanten, ugi mboten sekedhik ingkang mboten bidal utawi sampun bidal wangsul malih awit mboten krasan ngraosaken kawontenan ingkang sarwa winates.
Nabi Yehezkiel ugi nampi timbalan peladosan saking Gusti Allah supados ngengetaken bangsa Israel ingkang kalasemanten wonten ing tanah pangawulan Babel. Timbalan punika mboten gampil awit bangsa Israel misuwur dados bangsa ingkang wangkot manahipun (ay. 7). Senaosa kawontenan bangsa punika kados mekaten, Yehezkiel kersa nampi timbalanipun Gusti, awit Yehezkiel pitados menawi Gusti Allah ingkang nimbali, Gusti Allah ugi paring kasagedan, kekiyatan, lan panglipur (ay. 9).
Samangke kados pundi kangge kita? Punapa kita purun dipun agem dening Gusti dados pirantinipun? Pancen lelados wonten ing kebun angguripun Gusti punika mboten gampil, kadangkala dipun remehaken, mboten dipun ajeni awit pendidikanipun mboten inggil, status sosialipun dipun anggep asor, dipun rasani, lsp. Punika salah satunggaling tantangan. Menawi kita mundur kita kawon, kamangka ingkang kita lampahi punika bab kaleresan, kajujuran, kaadilan, lan nilai-nilai kamanungsan.
Sumangga kita purun dipun agem dening Gusti lelados, sampun ngantos kita mundur awit pepalang ingkang kados mekaten wau. Menawi Gusti ingkang nimbali, Gusti ingkang paring kasagedan, kekiyatan, lan panglipur. Pancen peladosan perlu pangorbanan, korban wekdal, korban perasaan, malah korban materi. Gusti Allah mboten badhe kendhel mirsani ketulusan batos kita, kados dhawuhipun, “Mulane para sedulurku kang kinasih, kowe padha dibakuh, ditanpa gingsir, lan tansah disregep anggonmu nglakoni ayahane Gusti! Awit kowe padha sumurup, yen ana ing patunggilaning Gusti kangelanmu mesthi ora muspra.” (1 Kor. 15:58). (Djian).
“Gusti ingkang nimbali Gusti ingkang nyagedaken”