Anakmu Kuwi Dudu Duwekmu Pancaran Air Hidup 3 Juli 2021

3 July 2021

Waosan: Jabur 123 : 1 – 4 | Pamuji: KPJ. 381: 1, 3
Nats:
“Mripat kawula tumenga dhumateng Paduka ingkang adhedhampar wonten ing swarga” (Ayat 1).

Wonten puisi ingkang dipun serat dening Khahlil Gibran, judulipun: “Anakmu bukanlah Milikmu”. Ingkang mekaten peranganipun: “Anakmu bukanlah milikmu; Mereka adalah Putra-putri Sang Hidup, yang rindu akan dhirinya sendhiri. Puisi punika ngengetaken kita minangka tiyang sepuh, bilih kita punika mboten saged meksa sedaya pepinginan lan pikajeng kita dhateng anak-anak kita. Minangka tiyang sepuh, kita namung nggadhahi pengajeng-ajeng ingkang sae tumrap anak-anak kita. Pramila lepat bilih kita nggadhahi pemanggih anak punika kados dene barang darbek kita matemah anggen kita nggulawenthah anak-anak punika sak pikajeng kita piyambak.

Ing satengahing tekanan tanggel jawab lan pandamelan ingkang kathah, kita saged kecalan pangertosan bab panggulawenthah ingkang dipun karsakaken dening Gusti Allah. Kita namung ningali anak-anak punika kados dene barang darbe kita, matemah kita sampun nindakaken panggulawenthah ing sak njawi rancanganipun Gusti ingkang wicaksana. Sadangu wekdal punika, mbok menawi kita sampun dados tiyang sepuh ingkang otoriter tumrap anak-anak kita.

Waosan dinten punika ngengetaken kita, supados kita tansah ngener dhateng Gusti Allah (ay. 1), kados dene abdi anggenipun mulat dhateng bendaranipun. Minangka abdi, tamtunipun nggih namung pasrah dhateng bendaranipun, punapa ingkang dipun ngendikakaken minangka prentah, dening bendaranipun, tamtu punika ingkang dipun lampahi lan dipun tindakaken dening sang abdi. Minangka abdi ingkang setya, tamtu mboten wantun nerak karsanipun sang bendara. Mekaten ugi tumrap kita kaliyan Gusti. Ing satengahing pigesangan kita, kita kedah manut dhateng Gusti. Mboten namung nalika nglampahi gesang pribadi kemawon, nanging ugi minangka tiyang sepuh ingkang dipun pitados Gusti nggulawenthah anak-anak kita. Anggen kita nggulawenthah anak punika kedahipun mboten manut pikajeng kita piyambak, nanging tansah ngener dhateng Gusti. Kita, tiyang sepuh punika minangka wakiling Gusti Allah ing donya. Pramila sumangga timbalan kita minangka tiyang sepuh, kita lampahi kanthi tanggel jawab, kita nggulawenthah anak-anak kita kanthi ngener lan manut dhateng Gusti Allah, supados kita mboten lepat. (nn).

 “Nggulawenthah anak punika kedah manut Gusti, awit anakmu dudu duwèkmu”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak