Waosan: 1 Korinta 2 : 1 – 10 | Pamuji: KPJ. 426
Nats: “Sabab aku ora duwe sedya nyumurupi apa-apa ana ing antaramu kajaba Gusti Yesus Kristus, yaiku Panjenengane kang sinalib.” (Ayat 2)
Ing pasamuwan Kemiri wonten cecongkrahan nalika pak Pradhah ngajak para pinisepuh Kemiri kersaa ngrigenaken tandha katresnan kangge nyengkuyung pak Juru, tumbas griya. Atur kateranganipun pak Pradhah, pak Juru sampun ngaturi down payment lan selajengipun saben sasi ngangsur ngantos lunas. Kadospundi menawi kita ingkang sampun dipun gulawenthah pak Juru sedasa tahun menika ingkang nanggel down payment. Caranipun saben sasi ngangsur ingkang dados kewajibanipun pak Juru, ngantos ajinipun sami kaliyan down payment. Para pinisepuh sarujuk, mila lajeng kawartosaken dhateng sedaya warga pasamuwan Kemiri.
Pak Reka boten rawuh ing pepanggihan ngrembag tanda katresnan kagem pak Juru. Pak Reka nganggit bilih pak Pradhah namung dados talanging aturipun pak Juru. Pak Reka lajeng sowan dhateng warga sawetawis ingkang boten sarujuk kaliyan pak Pradhah ngaturi tandha katresnan pak Juru. Lajeng wonten cecongkrahan ing antawisipun warga ingkang sarujuk kaliyan ingkang boten sarujuk. Cecongkrahan menika kapireng dening pak Sarju ingkang apilenggah dados pangarsanipun gegebengan Worawari. Mila pak Sarju kintun serat kepingin pepanggihan kaliyan sedaya pinisepuh ing Kemiri.
Ing pepanggihan, pak Sarju migatosaken pamanggihipun ingkang sarujuk lan ingkang boten. Sasampunipun sedaya ngaturaken pemanggihipun, pak Sarju pitaken dhateng sedaya ingkang rawuh, “Para sadherek, sampeyan sadaya menika sampun wanuh dhateng Gusti Yesus. Ing gesang menika sampeyan sedaya sampun sangu Gusti Yesus. Nalika sampeyan cecongkrahan mekaten menika, sang Kristus dumunung ing pundi?”
Manungsa disumurupi liyan saka sangu kang ditanjakake ing uripe. Menawi sangu Gusti Yesus Sang Pamarta, tiyang menika anggenipun gesang tamtu migunakaken sangu menika ing saben ngadhepi kawontenaipun gesang. Ingkang boten migunakaken sangunipun tamtu badhe dipun wastani ora duwe Gusti Yesus. (gon)
“Sangumu tanjakna kanggo golek pakurmatan langgeng ”