Bungah lan Susah Pancaran Air Hidup 19 Mei 2021

19 May 2021

Waosan:  Yokanan 16 : 16 – 24  |  Pamuji:KPJ. 428
Nats:
“Mungguh wong wadon samasa lagi nglarani, iku ngrasakake susah, nanging samasa wus nglairake bayine, wus ora kelingan maneh marang larane, marga saka bungahe dene ana manungsa kalairake ing donya.” (Ayat 21)

Menapa kita nate ningali perjuanganipun ibu ingkang badhe babaran? Bilih kita nate tamtu kita saged netesaken eluh. Kenging menapa? Awit perjuanganipun ibu ingkang badhe babaran menika perjuangan ingkang awrat, antawis gesang lan pejah. Senajan ngraosaken sakit lan kasangsaran, nalika jabang bayi sampun kalairaken ing alam donya, sedaya sakit lan kasangsaran menika sirna kagantosan raos suka bingah karana jabang bayi sampun lair kanthi wilujeng.

Gambaran tiyang estri ingkang badhe babaran menika dipun agem Gusti Yesus kangge paring piwucal dhumateng para sakabat. Bab menika gegayutan kaliyan dhawuhipun Gusti Yesus “mung kari sedhela kowe nuli ora bakal padha ndeleng marang Aku. Lan sedhela engkas banjur padha ndeleng Aku maneh” (ay. 16). Nalika Gusti Yesus paring dhawuh menika para sakabat sami bingung. Pramila Gusti Yesus negesaken bilih Panjenenganipun bakal enggal pisah kaliyan para sakabat (ay. 19). Gusti Yesus dhawuh manawi para sakabat bakal nangis lan sesambat nanging jagad bakal bingah (ay. 20a). Menika mratelakaken bab kasangsaran lan sedanipun Gusti Yesus. Para sakabat ngraosaken sisah amargi sedanipun Gusti Yesus, nanging samangke kasusahan menika bakal kagentosan kabingahan lantaran wungu lan mekradipun Gusti Yesus (ay 20b-22). Para sakabat bakal ngraosaken kabingahan ingkang sejati lan mboten wonten setunggal tiyang ingkang saged ngicalaken utawi ngrebut kabingahan menika.  Ing salebeting gesang kita padintenan, tamtunipun kita nate ngraosaken kasisahan karana ndherek Gusti Yesus. Umpaminipun: ing salebeting pedamelan wonten ingkang nate “dipunjegal” temahan mboten saged pikantuk posisi ingkang inggil. Saged ugi kita dipun tebihi tangga tepalih utawi sanak kadang lan kasisahan sanesipun. Menapa kemawon kasisahan ingkang kita raosaken, kita kedah enget pangandikanipun Gusti Yesus yen ing titi wancinipun kita bakal kaparingan kabingahan. Mangga kita pasrahaken gesang kita sawetahipun dhateng Gusti. Amin. (Gimbul).

“Bungah lan susah iku tansah gilir gumanti”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak