Bacaan: 1 Timoteus 6 : 11 – 16 | Pamuji: KPJ. 109
Nats: “Nanging kowe, heh, manungsaning Allah, ngedohana iku kabeh, ngaraha marang kaadilan, kamursidan, kasetyan, katresnan, kasabaran lan budi sareh.” (Ayat 11)
Ing sadengah jejagongan, wonten ingkang calathu: “Saiki gak popo gawe dosa, suk Minggu mratobat ing greja. Toh Gusti Yesus kuwi Maha Asih, mesti paring pangapura.” Saking tetembungan menika, menawi kita raosaken wonten ingkang leres ugi wonten ingkang lepat. Ingkang leres inggih menika bab Gusti Yesus tansah paring pangapunten dhumateng tiyang ingkang purun mratobat. Ananging ingkang lepat inggih menika bab manungsa boten Menapa-Menapa nindhakaken dosa. Langkung malih ingkang ndadosaken lepat inggih menika, nganggep namung dinten Minggu kemawon manungsa kedah gesang suci lan leres. Lan dinten sanesipun boten Menapa tumindak ala lan dosa.
Pramila, ing waosan kita Rasul Paulus ngemutaken Timoteus kang kaanggep anak kang sayekti ing sajroning pracaya supados nebih saking tumindak ingkang ala lan mboten dados keparengipun Gusti. Tumindak ingkang dipun maksud Paulus inggih menika: ambek karem bandha lan mburu dhuwit (ay. 10). Karana menika Paulus nyuwun supados para manungsaning Allah, ngarah marang kaadilan, kamursidan, kasetyan, katresnan, kasabaran lan budi sareh (Ay. 11). Tamtu menika sanes perkawis ingkang gampil. Paulus piyambak mastani kadosdene “tarung ing pracaya.” Lajeng, Paulus ugi ngemutaken bilih sadaya menika boten badhe nglaha. Gusti Allah badhe paring gesang ing samubarang. (Ay. 15).
Lajeng wonten pitakenan, “Menapa wonten ingkang saged gesang sampurna kadosdene dawuhipun Gusti menika?” Saderengipun kita mangsuli pitaken menika, kita kedah ngraosaken pitaken ingkang mekaten: “Menapa kita purun sinau gesang sampurna kados dawuh pangandikanipun Gusti?” Menawi kita mangsuli “purun”, tamtu kita saged lumampah ing sadengah proses gesang sampurna. Lan Gusti piyambak ingkang badhe nuntun kita ing kasampurnan. Amin. (py)
“Gusti tansah nuntun ing kasampurnan kagem tiyang kang purun.”