Waosan: Yokanan 13 : 21 – 32 | Pamuji : KPJ. 188 : 1 – 2
Nats: “Sawuse Gusti Yesus ngandika mangkono, Panjenengane banget trenyuh ing galih, sarta banjur paring paseksen mangkene : ‘Satemen-temene pituturKu marang kowe: Wong siji panunggalanmu bakal ngulungake Aku.‘” (Ay. 21)
Wonten ilmu ingkang naminipun “ilmu titen”. Tegesipun, punapa kemawon ingkang kedadosan badhe dipun titeni lan saged dados paugeran ing gesangipun. Contonipun, menawi badhe nanem punapa kemawon, sae ing sawah lan pategilan, tamtu tiyang badhe ningali kahanan cuaca. Menawi hawanipun asrep utawi sumuk, wonten lintang lan rembulan, sedaya saged kawaos dening tiyang Jawi, amargi tiyang jawi punika sami niteni punapa ingkang sampun kelampahan.
Mekaten ugi waosan kita ing wekdal punika, nyariosaken bilih Yudas Iskariot sampun kaparingan pangenget supados wangsul lan mratobat karana Gusti Yesus punika kebak ing katresnan. Gusti Yesus sumurup sinten saking para sakabat ingkang badhe tumindhak boten sae. Gusti Yesus ngengetaken bilih wonten panunggalanipun para sakabat ingkang ngulungaken Gusti Yesus. Malah Petrus lan Yohanes pitakenan supados cetha, sinten sakabat ingkang badhe ngulungaken Gusti Yesus. Gusti Yesus maringi sumurup kanthi cetha ing ayat 26, Paring wangsulane Gusti Yesus: “Wonge iya iku kang bakal Dakwenehi roti sawuse Dakcelupake.” Sawuse ngandika mangkono, banjur mundhut roti sarta kacelupake tumuli kaparingake marang Yudas anake Simon Iskariot.” Sejatosipun terang lan cetha sinten sekabat ingkang tumindhak boten sae klayan nyade Gusti Yesus. Amargi nafsu kadonyan, kepingin gadhah arta kathah, Yudas boten rumaos, satemah ngulungaken Gusti Yesus. Yudas sampun kaparingan pangenget, ananging boten gadhah manah ingkang “sensitif”. Piyambakipun boten sumurup punapa ingkang kadhawuhaken dening Gusti Yesus. Boten purun niteni lan netepi dhawuh pangandikanipun Gusti Yesus, satemah tumindhak sakpikajengipun piyambak.
Lumantar Sabda Pangandika ing wekdal punika, kita pikantuk pasinaon supados tansah eling lan waspada. Punapa ingkang kadhawuhaken dening Gusti, sak mesthinipun tansah kita tindhakaken lan dados pengeling-eling ing gesang kita. Mekaten ugi ingkang kelampahan ing gesang kita, menawi purun niteni lan gadhah manah ingkang “sensitif” kita saged dados tiyang ingkang eling lan waspada. Satemah tumindhak kita tansah cundhuk lan trep ing karsaning Gusti. (KJ)
“Eling lan waspada nebihaken saking cilaka.”