Waosan : Purwaning Dumadi 21 : 1 – 7 | Pamuji : KPJ. 209 : 1, 3
Nats: “Ibu Sara nggarbini sarta mbabar putra kakung patutan saka Rama Abraham nalika Rama Abraham wus sepuh, ing waktu kang wus ditetepake, cocog karo pangandikaning Allah marang panjenengane.” (Ay. 2)
Tiyang ingkang dipun pitados inggih punika tiyang ingkang pangucap utawi janjinipun sami kaliyan tumindakipun. Piyambakipun boten nate blenjani janjinipun. Punapa ingkang dados janjinipun tansah dipun tindakaken ing gesangipun. Tiyang ingkang mekaten punika saged dipun wastani tiyang ingkang temen-temen (berintegritas). Boten gampil dados tiyang ingkang mekaten, karana asring manungsa punika blenjani janjinipun. Dipun betahaken niat lan upaya ingkang temen supados saged dados tiyang ingkang berintegritas punika.
Gusti Allah punika Gusti ingkang tansah netepi janjinipun. Kados ing waosan kita dinten punika, kita saged mangertos kados pundi Gusti Allah anggenipun netepi janjinipun dhateng Abraham. Gusti Allah janji maringi putra dhateng Abraham, janji punika lajeng kawujud lumantar miyosipun Iskak. Iskak lair nalika Abraham yuswa 100 taun lan ibu Sara yuswa 90 taun, kados-kados bab punika boten saged dipun nalar sacara kamanungsan nanging nyata kelampahan. Rama Abraham lan Ibu Sara dados tuladha, kados pundi anggenipun kita tansah pitados lan setya ing janjinipun Gusti Allah.
Bilih Gusti Allah tansah netepi janji-janjinipun dhateng kita, punapa kita sampun netepi janji-janji kita dhumateng Gusti Allah? Kados Rama Abraham lan ibu Sara, kita dipun engetaken supados kita pitados ing janjinipun Gusti. Senajan asring kita boten mangertos margining Gusti Allah kangge gesang kita. Ananging kita saged ngugemi bilih janji lan pakaryaning Gusti Allah dhateng kita punika nyata sarta nuwuhaken kawilujengan lan tentrem rahayu. Sampun ngantos kita mangu-mangu dhateng Gusti Allah. Mangga kita tansah pitados bilih janjinipun Gusti punika sampurna kangge kita. Mekatena ugi mangga kita dados tiyang ingkang netepi janji. Tiyang ingkang boten namung ngumbar janji ananging saestu dados tiyang ingkang temen – temen ing janji. (AR).
“Janjinipun Gusti Allah kados srengenge ingkang tansah sumunar saben dinten.”