Waosan : Yohanes 1 : 19 – 28 | Pamuji : KPJ. 416 : 1 – 3
Nats: “Aku iki anggonku mbaptis nganggo banyu, nanging wis ana kang jumeneng ing tengahmu, kowe padha ora weruh, iya iku kang rawuhe nungka aku. Ambok nguculi jangeting trumpahe bae aku ora patut” (Ay. 26-27)
Eksis punika kalebet bahasa gaul saking sadherek nem-neman ingkang kaginaaken wonten gesang padintenan. Miturut KBBI artosipun ada dan berkembang. Conto: Partai kuwi wes eksis wiwit zaman Orde Baru, lsp. Ananging ing wekdal punika, nalika teknologi berkembang, media sosial langkung kathah, eksis sekedhik wonten ewah-ewahan, saking artos ada/karya dados sekedar nampang.
Ngantos kaping tiga pitakenan saking tiyang Yahudi utusan para imam tumrap diri Yokanan Pambaptis, “Panjenengan punika sinten?” lan Yokanan paring wangsulan kanthi jujur, boten ngapusi. Wangsulanipun Yokanan: “Aku dudu Mesias, dudu nabi sing bakal teka, nanging aku iki wong kang nguwuh-uwuh ana ing pasamunan”. Yokanan mangertos sinten ta sejatosipun dirinipun, sanajan piyambakipun sumurup yen pakaryaning Sang Rama ugi katindakaken, kalaksanan lumantar gesangipun, nanging piyambakipun boten purun gumunggung. Yokanan boten martosaken dirinipun, nanging ingkang dipun wartosaken inggih Gusti ingkang badhe rawuh wonten ing jagad ingkang manjalma dados manungsa wonten saklebeting pribadi Gusti Yesus Kristus. Karana Gusti badhe rawuh, Yokanan ngrumaosi bilih piyambakipun punika langkung andhap tinimbang budak. Piyambakipun nggadahi pamanggih, nguculi jangeting trumpahipun Sang Kristus kemawon boten patut. Andhap asoring manah wonten ing sajroning gesangipun Yokanan Pambaptis.
Lumebet wonten ing mangsa Adven punika kita dipun timbali kangge nyuceni gesang lan timbalan kita. Pangalembana, pepujian, asring ndadosaken jiret tumrap gesang kita. Boten jarang tiyang nggadahi pamanggih: “Aku diakui, dipuji, ditinggikan, maka aku ada”. Lumebet wonten ing pemurnian gesang, nampi pujian/boten, dipun-akeni/boten, dipun ajeni/boten, kita tetap wonten, tetep eksis dados saksi-Nipun Gusti ingkang tansah ngluhuraken asma-Nipun. Kados Yokanan Pambaptis, nenuntun tiyang dhateng Kristus, makaten gesang kita, mlampah wonten ing lajur kabeneran, nyelak dhumateng Gusti matemah karana sesambetan ingkang raket, woh pitobat punika katingal. Amin. (YEW).
“Mudah tersinggung jika dinasehati, hati melambung jika dipuji, pertanda penilaian manusia yang dicari.” (un-known)