Saya Mundhak Becik Renungan Harian 5 November 2019

5 November 2019

Waosan : Yudas 1 : 5 – 21   Pamuji : KPJ. 188
Nats:
“… padha mbanguna awakmu dhewe, kadhasarana pracayamu kang suci pinunjul, sarta ndedongaa ana ing patunggilane Sang Roh Suci.” (ayat 20)

Wonten wataking tiyang ingkang dipun sebut “wangkot”. Tegesipun, boten saged dipun kandhani, dipun engetaken, dipun welehaken dening sintena kemawon. Sanadyan ta Gusti piyambak ingkang ngengetaken, tiyang ingkang awatak wangkot boten badhe ewah dados sae. Sanadyan ta sampun ketanggor watu, dhawah lan ketiban andha, tiyang wangkot boten badhe ngewahi pratingkahipun ingkang awon dados sae.

Lah mekaten watakipun bangsa Israel lan umat Sodom lan Gomora ingkang kasebut ing waosan kita. Bangsa Israel sampun dipun welasi dening Allah, dipun luwari saking pangawulan ing tanah Mesir, dipun tuntun dhateng tanah prajanjian dados bangsa ingkang mardika sarta dipun berkahi, ewasamanten tetep boten mbangun turut dhumateng prentahipun Allah. Mekaten ugi umat Sodom lan Gomora ingkang tumindak laku jina, dipun dhatengi dening malaekatipun Allah, nanging para malaekat menika malah dipun ruda peksa. Nadyan sampun wongsal-wangsul kebenthuk-benthuk, ketanggor-tanggor lan sangsara gesangipun, bangsa lan umat menika tetep kemawon boten purun ewah dados saya sae, temah wusananipun dados ajur lebur.

Yudas lumantar seratipun menika ngengetaken sadaya para pitados supados sampun ngantos nggadhahi watak wangkot. Kita dipun engetaken supados mbangun gesang kita dados saya mindhak sae. Iman kapitadosan dhumateng Gusti Yesus Kristus dados dhasar pambanguning gesang dados mindhak sae. Supados kaleksanan dados mindhak sae, pandonga kedah kaunjukaken kanthi tekun. Tiyang ingkang saestu nggadhahi iman ingkang suci mesthi saged mbangun dhiri dados mindhak sae.

Kados pundi watak kita? Sampun ngantos wangkot lan mbegugug ngutha waton, tegesipun boten purun ewah aliyas nggugu karepe dhewe. Kados pundi pratingkah kita? Menapa sampun ewah dados mindhak sae? Sumangga kita buktekaken iman kita srana nedahaken pratingkah ingkang mindhak sae. [st]

“Iman kang suci iku katon ana ing pratingkah kang mundhak becik.”

 

Renungan Harian

Renungan Harian Anak