Waosan : Jabur 57 : 1 – 12 | Pamuji : KPJ. 28
Nats: “Dhuh Pangeran kawula badhe saos sokur dhateng Paduka ing tengahing para bangsa.Kawula badhe memuji wonten ing satengahing para umat” (ay. 10)
Kula kepingin ngajak panjenengan sedaya mbayangaken lampahipun Dawud ingkang saweg kauber uber dening Prabu Saul lan badhe dipun pejahi lajeng mlajeng ing salebeting guwa. Kados pundi raose manah panjenengan? Tamtunipun campur aduk mboten kanten-kantenan. Ning ingkang dados kawigatosan kita sami, Dawud ing kahanan ingkang mekaten taksih saged saos sokur lan memuji dateng Gusti Allah. La menawi kita pinyambak wonten ing kahanan kados Dawud menika mbok menawi kita malah kosokwangsulanipun, ngraosaken ajrih, stress lan ewet badhe saos sokur dateng Gusti. Paling-paling nggih bingung karepipun piyambak. Nggih napa nggih?
Ing kahanan ingkang mekaten Dawud mboten fokus dateng masalahipun ananing masrahaken sedaya lampah gesangipun wonten ing pangayomanipun Gusti lajeng nyuwun welas asihipun Allah. Mboten namung ndendonga nyuwun tulung ananing ugi nyawisaken manahipun kangge memuji lan saos sokur dateng Gusti. Dawud pitados bilih Gusti Allah mboten badhe nilar piyambakipun. Dawud pitados bilih Gusti Allah badhe paring pitulungan. Kapitadosan ingkang mekaten mboten pareng uncat saking gesang kita awit menawi ing satengahing pergumulan kita taksih saged memuji lan saos sokur dateng Gusti, kita saged ngraosaken kekiyatan ingkang luar biasa.
Kita menika panderekipun Gusti ingkang sampun nampi kawilujengan inggih punika kanugrahan saking Gusti Allah. Menawi samangke kita ngadepi masalah ingkang ageng ingkang ndadosaken kita ajrih lan kuwatos, monggo kita sami nuladha dateng Dawud ingkang mboten namung mikir sedaya pambenganipun ananing fokus dateng Gusti. Karana menika sampun kesupen monggo kita tansah dedonga, ngluhuraken asmanipun Gusti lan sampun kesupen tansah saos sokur ing sedaya kahanan menapa kemawon. Menawi kita saged nglampahi sedayanipun, tamtu Gusti Allah badhe paring pangluwaran ing titi wancinipun. Gusti mberkahi. (EBH).
“Sampun ngatos ajrih lan kuatos ngadepi masalah nanging tansaha pitados lan pasrah dateng Gusti Allah ingkang dados tuking kakiyatan lan pitulungan kita.”